31 Juli 2010

Awal awal Nganggo Jilbab

Aku (tumini) udu anake kyai,apa keturunan kyai,aku cuma anake tukang kayu lan buruh tandur sing agamane pas-pasan.Keluargaku keluarga besar,nek wayaeh mangkat ngaji,kakangku mesthi ngubrak-ubrak adi-adine kon pada mangkat ngaji.

Aku seneng ngaji nang langgar ngarep umah,guru ngajine galak tapi guli ngajar mantep banget. Kelas papat SD aku kataman,rasane seneng... banget,soale pas jamane aku rata-rata kelas 6 Sd nembe katam Alqur'an. Rasa senengku ora sebanding karo rasa senenge rama biyungku,Alhamdulillah pas kataman aku di rame-rame bareng-bareng karo batire, numpak dokar keliling desa banjarlope tempate aku lair.

Ramaku mesem terus,biyungku ya mesam-mesem bae,ceritane seneng pisan akhire anake bisa katam Alqur'an,kabeh kue juga atas jasane kakang-kakangku sing tlaten ngubrak-ubrak aku mangkat ngaji (kesuwun kang). Tamat SD aku kepingin banget mlebu pondok pesantren karo kanca dolanku aziz,tapi genah adiku akeh tur rama biyungku mung tani biasa,ya aku cuman bisa kepengin-kepengin thok.

Ahire aku mlebu aring SMP Muhammadiyah,kebetulan salah siji guru SMP ku kue guru ngajiku nang langgar (pak mahfudz),akeh untunge aku sekolah nang Muhammadiyah,aku dadi bisa apalan Alqur'an,tiap wengi aku dites nang guru ngajiku apalan2 Alqur'an,mandan sebel jan-jane,tiap ana apalan Alqur'an nang sekolahan aku mesthi di tunjuk pertama dewek nang pak mahfudz,tapi alhamdulillah.. aku bisa lolos,senajan deg-degan ra ketulungan,padahal pendak dina ketemu pak mahfudz,tapi tiap kon maju apalan aku mesthi gemeter lan deg-degan ra karu-karuan.

Rong wulan mlebu SMP,aku mulai ngerti wajibe wong wadon nganggo jilbab,tepate pas aku kon ngapalna QS Al-ahzaab ayat 59,mbuh nangapa aku kepengin pisan nutup aurat,jilbaban ora mung nek sekolah thok,tapi wektu kue aku ora duwe baju muslim,kejaba baju lewian lebaran.

Aku pamitan,matur karo rama lan biyung nek aku arep jilbaban,ramaku setuju jere sing penting aku nyaman,biyungku ya setuju malah nawani kon nganggo klambine biyunge.Jamane aku SD aku kaya cah lanang,senenge kaos karo kathok pendek,dadi ora duwe klambi dawa-dawa.

Pertama aku jilbaban,Astaghfirullah... panase ora ketulungan,panas pisan,sumuk,apa maning pas aku kon mangkat ngasag aring sawah melu kakange biyungku,aku kepengin banget nangis...

"ya Allah.. panas temen,apa enggane aku ora kuat,ya Allah... aku kepengin blajar dadi wong mandan bener,tulung wei aku kekuatan ya Allah..." tiap dina aku cuma ndonga kaya kue,saking kepengine jilbaban.Kebetulan nang desa banjarlope aku gadis pertama sing nganggo jilbab,tiap aring warung aku mesthi diomong nang wong "apa ora panas... tum" ora mung wong siji loro sing nakoni aku,tapi aku mung mesem,jalan 6 wulan jilbaban aku mulai ngrasakna nyamane,adem.. wis ora tulung2 kepanasen (alhamdulillah) aku ya seneng kulitku dadi mandan melek,sing maune ireng thuek dadi mandan mloes sipet,wong-wong sing maune nyindir2 ya dadi seneng nyawang aku jilbaban,malah sering ngelingna nek aku pas ora jilbaban nang ngarep ngumah "tum,deng ora jilbaban."

Aku juga duwe kenangan maen pisan tentang jilbab,pas lebaran nang SMP ana acara halal bihalal,aku mangkat numpak montor CDI abang montore ramane,nang ndalan rame banget wong pada plesiran,pas nang prapatan ana preman siap karo kaleng sing kon diingseni receh,pokoke sapa sing liwat prapatan mesthi di adang kon ngleboni receh,pas aku liwat aku wedi pisan soale aku ora nyekel diut,ora disangka nek preman kue malah mempersilahkan aku liwat

"assalamu'alaikum" monggo mba.. ati-ati... Alhamdulillah.. plong rasane atiku..kue bukti nek wong jilbaban ora diganggu,aku dadi tambah yakin karo ayat 59 Al-ahzaab.

ya kaya kue ceritane aku awal-awal nganggo jilbab,ya wis ya lur.. sapa sing wis niat jilbaban ndang cepet2 aja nunggu engko-engko,soale nyawa menungsa kuwe ora ana sing ngerti kejaba sing gawe urip.

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar