28 Juli 2010

Cimplung Lobak

Cimplung, kayane wis padha ngérti kiye apa. Tapi nek cimplung lobak, kayane akeh sing padha bingung, lobak kok di cimplung. Lobak kuwe ya budin, boled, pohung, ketela pohon utawa cassava istilah latin-e. Sing ngérti istilah kiye (kayane) wong-wong nang kécamatan Somagéde karo Kémranjen gunung. Nek kécamatan lor kali Srayu, contone Kaliori, ari ngarani lobak kuwe sayur sing kaya wortel tapi putih, kaya istilah nang Nasional

Cimplung lobak kuwe ya lobak sing di godhong baréng karo badheg utawa sajéng pas lagi indél. Sajéng diarah sékang wit klapa nang wong nderes, ngarahe nganggo pongkor. Sing kena dicimplung biasane ya lobak, dégan, gédhang, bisono, ganyong, uwi terus bangsane tela péndhém liyane. Lha képriwe sih carane gawe cimplung?
Yuh di jajal:
Bahane ya jelas lobak
Terus digeti kulite
Dikumbah
Kulite nggo ngapa? Ya di empakna wédhus tuli doyan:
Sekang kandhang wédhus terus balik maning maring bédangan, nerusna gawe cimplung. Kayane badheg-e wis munjuk. Nek sajéng-e urung munjuk jere cimplunge ora legi.
Dimasak, kurang lewih 15 menit. Nek késuwen engko lodrog
Dadi
Gari gawe teh pait diénggo medang, karo mangan cimplung. Nek teh-e legi engko malah ora krasa, cimplunge be wis légi pisan.
Nek kepengin variasi, cimplunge ya bisa digoreng, gurih campur legi.
Kétérangane
Badheg/Sajéng : nek basa indonesiane Nira, banyu légi sing metu sekang manggar/kembang klapa
Indél : Masak badheg nganti dadi gula jawa
Deres : Ngarah badheg kang wit klapa
Pongkor : wadhah badheg sing digawe sekang pring, dinggo ngadhangi badheg terus dinggo nggawa maring umah nggo di indél
Bisono : Tales/Kimpul
Bédangan : dapur
Lodrog : Lodoh
Munjuk : Badheg nek wis uméb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar