21 Juli 2010

Basane Bocah Siki

Jaman inyong cilik gunane diwaraih werna-werna tata carene wong njawa, sing paling mesti diajari nganggo basa kromo alus, ora ketang ora kabeh diajari kromo alus, tapi sing mesti kabeh bocah pada nganggo basa jawa ngoko saben dinane.
Beda maning karo bocah jaman siki, ora ndesa ora kota, bocah  cilik-cilik wis pada diwaraih basa Jakartaan, diomong basa Jakartaan sebabe jere basa Indonesia tapi ora pas karo aturane, basa jawa apa maning. Boro-boro basa kromo alus, basa ngoko be kayane pada bebeh nganggo, magane arep kepriwe-priwe dewek urip nang njawa, nang Karsidenan Banyumas khususe, dadi kudu njawani paling setitik banget omongane kudu jawa.

Sing wong njawa pada nganggo basa Jakartaan, sing wong jakarta pada ora gelem kalah, sing nang jakarta pada mulai nganggo basa inggrisan, nek ora ngandel kae deleng nang TV, akeh kedadean wong Indonesia tapi basa indonesiane kaya sinau nang luar negeri. 
 
Ana maning sing aneh, bocah lair nang cilacap, sekolah nang cilacap, Kuliah nang Purwokerto, Kerja nang Purwokerto tapi nek ngomong ora gelem basa banyumasan, apa ora jenenge saking kebangetene gole gemagus.

Ulih bae wong njawa bisa basa jakartaan kaya Mandra, Ulih bae wong banyumas pinter basa jogjaan, ulih bae pada pinter basa Inggris nganti gole ngomong kaya landa kepedesen, tapi aja nganti basane dewek, budayane dewek dikelalena.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar