31 Juli 2010

Ngebrik Nang Fm

"di copi di monitor, wedang kopi gari ngetor.."

hahaha..
Gue sing biasa di omongna nek wis nang ngarep brik. Angger udan sore2 mesti kemutane jaman brik2an. Soale nah gue, nylekamin pisan koh nggo nggedebus. Sanajan gur nganggo pemancar cilik fm, tapi wis kena go gendu2 rasa karo kanca batir..

Jaman semono, penguate aku nganggo 71. Dadi masange bar osilator di bruki 930 ana telu, trus di bruki 2053 nah bar gue men mandan mantep tek bruki 1971. Lah gemiyen transistor 71 esih murah, regane nek ora salah 17500 tukune nang toko Palapa kawunganten.

Tapi siki aku takon meng bakule koh jere ngantek satus ewu, wao mantap broo. Sanajan gur nganggo penguat 71 tok plus antena aluminium bekas antena apa mbuh anu ulih njaluk sekan kancane, tapi bisa nggo keprus ngantek jarak 5 km. Hahaha..

Nek pemancare agi bocor geget koh, sering di omeih nang tangga teparo gara2 tivine dadi bures. Tapi dasar anu bocah ndableg, nek wis ana sing munggah (on air) ya hawane mulai gringsang. Jaman siki kayane brik2an wis punah luh, aku sering ngecek2 tapi langka sing on air.

Tapi ya maklum, soale siki wis ana sing lewih kepenak lan nyamleng plus jangkauane adoh ya gue internet..


>>Tulisan Asline

1 komentar:

  1. Tapi nyong malah pingin balik kaya gemien Dolanan brik brikan maning ....lewih asyik dari pada jaman siki ra genah.ayuh ngebrik maning duplek yuuuk Hahahaha

    BalasHapus