21 Juli 2010

Sepur Egreg Banjar-Kroya

Nek wong-wong ngarani sepur egreg, utawa sepur kruthuk, jan jane jeneng resmi sekang PT KAI yaguwe Kereta Api Campuran. Dijenengi sepur kruthuk utawa egreg sebab nek mlaku sepure brisik banget, nggole obah kenceng banget, kaya ana lindu 7 skala richter, suarane egrag-egrek, kruthak-kruthuk. Nek basa resmine diarani Kereta Api Campuran sebab sepure ana gerbong sing nggo penumpang lan gerbong sing nggo barang. Biasane gerbong sing nggo penumpang ana loro nang sebelah ngarep/mburi ndas sepur. Gerbong sing nggo barang nang paling mburi, jumlaeh biasane luwih akeh ketimbang gerbong sing nggo penumpang.
06kereta.gif


Sepur egreg ngelayani penumpang sekang stasiun banjar nang ciamis jawa barat gutul kroya nang cilacap jawa tengah lan sewalike. Setasiun-setasiun sing dilewati yaguwe banjar – rancakole – langen – cikawung – meluwung(mlewong) – cilongkrang – cipari – sidareja – gandrungmangu – sitinggil – kawunganten – kubangkangkung – jeruklegi – lebeng – kesugian – maos – sikampuh – kroya.


Sedinane ana rong sepur sing jalan. Siji mangkat kang kroya jam pitu isuk, gutul banjar jam rolas awan, terus jam siji balek maning meng kroya. Sing siji maning mangkat kang banjar jam pitu isuk, gutul kroya jam rolas awan terus balek maning meng banjar. Senajana kaya guwe sing nunggang ya akeh bae, malah nang permasi/gerbong penumpang sampe umpel-umpelan.

Sepur egrek klebune kelas ekonomi, malah sengisore maning (berarti kelas apa ya?) mulane sepure kalahan, maksude ya nek ana sepur gede (istilah nggo sepur ekonomi jarak adoh lan sepur-sepur kelas bisnis meng nduwur) mesti kon nunggu gisit. Sepure elek, semrawut, kotor. Nang jumblenge boro2 ana banyune. Jegongane be nganggo dingklik dawa, nek nang gerbong barang malah pada nglekor, sebab ora ana jegongane sih. Nek sing kang banjar biasane sing nunggang bakul-bakul kerupuk, nek kang kroya biasane sing nunggang bakul-bakul janganan.

Tapi sayange siki sepur egreg wis ora dijalakna maning nang PT KAI. Krungu-krungu sih alesane jerene ora ana untunge. Bisane ora untung sebab sing pada numpak ra pada tuku karcis, senenge langsung pada mbayar aring kondekture. Padahal jerene kan PT KAI salah siji perusahaan pemerentah sing ora ndinginaken untung utawa Perusahaan Jawatan.

Siki basa ora ana sepur egreg transportasi meng daerah pinggir wetan ciamis mandan engel, nek kepengin dolan meng cikawung be rasane dadi adoh. Nek arep nganggo mobil ndadak muter-muter. Sing paling melasi ya bakul janganan karo bakul kerupuk. Biasane nek tus belanja janganan nang kroya pada digawani nganggo sepur egreg. Gari diglethakna nang gerbong terus mbayar sewu rongewu wis beres. Tapi siki kudu karo mobil sing tentune mbayare luwih larang. Bakul kerupuk ya kaya guwe.

Aku jan jane mandan gumun karo pemerentaeh, khususe ya PT KAI, jan jane karepe kepriwe koh bisa-bisane kendaraan massal sing wis genah manfangati nggo masyarakat koh malah ora dijalakna maning?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar