28 Juli 2010

Crita Jaman Cilik

Nyong lair Banyumas taun 1980, nang grumbul Semampir Desa Tanggeran Kecamatan Somagede. Desaku kuwe nang nggunung. Sekang pasar Sokawera (dalan sing diliwati bis) ya kira kira 5 km. Nek wong-wong pada pasar arep adol hasil bumi apa arep becer, nek ora maring Sokawera ya maring pasar Banyumas. Nek maring kota numpake kol pikep (colt pick up), sing asline Mitsubishi Colt T utawa L300 sing dipasangi kap karo disogi kursi dawa. Seudurunge dalane di aspla jere padha mlaku, tapi jamanku wis ora ngalami

Gemiyen nang endi-endi anane wit cengkeh. Nah nek panen cengkeh pada dadi wong sugih dadakan, apa-apane anyar. Klambi anyar, cet umah anyar radio tip anyar, tivi anyar. Cah sekolah ya tas anyar, sepatu anyar (ya anyar terus wong dienggone be nek upacara 17an nang kecamatan, sekolahe nyeker-men). Pokoke jaman gemiyen desaku makmur gara gara cengkeh.  Kegiatan desa rutin dianakna, kaya:PKK, Karang Taruna terus kegiatan olahraga. Gemiyen amben RT duwe kleb (club) Voli, amben kleb duwe lapangan dewek, duwe pemain bintang dewek, terus ana kompetisi rutin amben taun. Nek minggu pada lari pagi maring Kemawi, maring Ketheng (hutan pinus). Apa maning sing arane pitulasan, semanger pisan pokoke. Pokoke wis makmur lah wong wis ora mikirna golet duit paribasane, celengan cengkeh cukup di enggo urip karo seneng seneng, dadi esih kober olahraga dll. Malah melu makmurna wong daerah liya, angger panen cengkeh akeh wong-wong daerah liya sing pada teka ngodhe met cengkeh (rata-rata wong Petir Madukara Banjarnegara). Terus bakul bakul ideran ya pada laris

Liyane cengkeh nang desaku ya akeh wit klapa karo woh-wohan. Nek Klapane di deres nggo gawe gula jawa, nah nek cengkeh mau dienggo bonus taunan, nek asil sekang gula jawa kuwe nggo urip sedina dina. Lha nek woh-wohan kuwe mung dienggo sampingan thok. Woh-wohan sing ana nang desaku kayadene dukuh, rambutan, duren, pete, jengkol, mlinjo. Liyane gula jawa, nggo urip sedina dina ya ana maning, yakuwe kleang (godong garing) cengkeh, sing ngaraih biasane ibu-ibu karo bocah bocah, lumayan lho.

Desaku nek ketiga banyune langka, dadi ngangsu golet banyu ya wis biasa, mikul ember karo nyaking ya wis tek alami, bareng jaman motor malah nganggo jligen dadi ora kesel. Sing di jujug guwe sumur (tuk) alami. Biasane nang kono wong wong antri adus karo ngangsu. Terus bar kuwe jamane wong pada gawe sumur timba. Kabeh pada gawe, dadi nek ngangsu ora adoh adoh nang pinggir umah. Ning sumure rata rata jero banget, antara 15 nganti 20 meter. Nimbane madan theol pokoke, karo ngapal tangane. Nek ketiga ya ana gawean anyar nggo sing pada tani, yakuwe ngode nyirami. Wong biasane njukut banyu sekang kali terus dipikul nganggo blik sing wis dibolongi, dietunge samben pikul.

Dhong jamanku senengane Sandiwara Radio ana Saur Sepuh, Mahkota Mayangkara, Tutur Tinular, Api Di Bukit Menoreh, Mahabarata, Butir Butir Pasir Di Laut, Putri Cadar Biru dll (akeh banget nganti kelalen). Aku nganti duwe radio dewek sing tek otong-otong maring ngendi endi (kaya si Mahar nang laskar Pelangi, radione be persis). Ngrungoknae liyane Sandiwara ya dangdutan apa lagu pop apa rock. Jaman semana agi anyar-anyare Evie Tamala, Ike Nurjanah, Jhony Iskandar, Imam S. Arifin, Ona Sutra, kuwe sing dangdut, nek artis pop ya anyar-anyar Sophia Latcuba, KLA Project, Edane, liyane kelalen. Nah nek sing Rock luar kayane GNR, Sepultura, mbuh ora apal anu ora patia nggatekna. Biasane sing dirungokna radio Bayusakti Kroya, Bimasakti Kebumen, Wijaya Cilacap, Sumasli, Dian Swara, Almamater, RRI Purakerta. Nah nek jam 5 sore nembe nyetel TVRI nonton film kartun, terus nonton terus nganti Berita Nasional jam 7. Banjur sinau sejam-an, engko nek wis jam 8 nonton TV maning nganti Dunia Dalam Berita, terus turu

Jamanku cilik nek ana wong mbaranggawe tanggapane biasane Wayang karo Lengger, ana uga Ebeg karo Buncis. Paling seneng nonton wayang, pokoke nganti esuk lah. Dalang sing terkenal jaman semana, sing cok ditanggap ya kuwe Dalang Tarjono (siki sing duwe soto Sekengkel), Dalang Dolat (liyane kelalen). Nek lengger aku ora patia paham, anu aku ora seneng lengger sih. Nek Buncis karo Ebeg sih biasane ditanggap awan-awan, pemaine ya wong ngkono-kono bae.

Nyong gemiyen senengane mangan lawuh jangan kangkung, jangan kacang, jangan buncis, jangan kethewel kuwe sing dioseng. Aku gemiyen ora doyan tegean apa jangan sing ana santen-e. Kecuali jangan godhong lobak sing nganggo santen (aja gumun, budin nang desaku dijenengi “lobak”), nek sing di arani lobak (sing kaya wortel putih) di arani kobak. Paling seneng nek panen pete. Goleh mangan pete bisa mentahan, dibakar, digoreng, dicampur jangan apa dicapur sega goreng.

Gemiyen jamanku cilik kerjane nek bali sekolah terus ngarah suluh utawa repek, bareng gedhe ya ramban utawa ngarit. Bar kuwe terus dolan, nggered mobil mobilan plastik, apa sing gawe dewek, nek mangsan layangan ya layangan, nek mangsan panggal ya maring ngendi endi nggawa panggal, apa agi mangsan umbul ya sak-e isine kertu umbul. Nek ora mangsan apa-apa biasane dolanan baron utawa dos-dosan, nek ora kasti sing bal-e digawe sekang blarak. Ana maning sing jenenge sundamanda, biasane nek agi seneng sundamanda pada goolet kreweng utawa pecahan eternit dienggo gaco. Ana maning dolanan gamplong, ya kuwe nguntalna watu maring kaleng, nek sing menang nggendong sing kalah. Jane akeh maning dolanan jaman semono ning kedawan nek dicritakna.

>>Tulisan Asline

1 komentar: