31 Juli 2010

Awal awal Nganggo Jilbab

Aku (tumini) udu anake kyai,apa keturunan kyai,aku cuma anake tukang kayu lan buruh tandur sing agamane pas-pasan.Keluargaku keluarga besar,nek wayaeh mangkat ngaji,kakangku mesthi ngubrak-ubrak adi-adine kon pada mangkat ngaji.

Aku seneng ngaji nang langgar ngarep umah,guru ngajine galak tapi guli ngajar mantep banget. Kelas papat SD aku kataman,rasane seneng... banget,soale pas jamane aku rata-rata kelas 6 Sd nembe katam Alqur'an. Rasa senengku ora sebanding karo rasa senenge rama biyungku,Alhamdulillah pas kataman aku di rame-rame bareng-bareng karo batire, numpak dokar keliling desa banjarlope tempate aku lair.

Ngebrik Nang Fm

"di copi di monitor, wedang kopi gari ngetor.."

hahaha..
Gue sing biasa di omongna nek wis nang ngarep brik. Angger udan sore2 mesti kemutane jaman brik2an. Soale nah gue, nylekamin pisan koh nggo nggedebus. Sanajan gur nganggo pemancar cilik fm, tapi wis kena go gendu2 rasa karo kanca batir..

Sadran Nang Desa Pesanggrahan

Minggu 25 juni 2010,wulan sadran, nang desa pesanggrahan kecamatan kroya kabupaten cilacap sing wargane tesih akeh ngugemi kepercayaan kejawen. Ora kaya dina-dina biasane, dina minggu kie esuk-esuk wong tua, wong nom pada rame-rame ngresiki kuburane sanak sedulure.

Wulan kie wulan sadran, tumrape wong kejawen desa pesanggrahan, wulan sadran dianggep beda karo wulan-wulan liyane. Saben wulan sadran warga desa pesanggrahan mesti nganakna upacara sing diarani nyadran utawa sadranan.

Davos, Legenda Permen Asli Purbalingga

Purbalingga.co.cc(Ngapak version) Jian malah aku tembe ngerti miki (9 juli '10) nek permen Davos  kue sekang purbalingga. Permen sing biasane tek lamodi utawa demut jaman cilik mbiyen, ujarku sekang jakarta apa sekang ngendi (pokoke adoh la) jebulane nduweke wonge dewek. Biasane mbiyen "nemu" permen kue nek ditukukna ramane apa beyunge angger arep lunga-lunga, wong biasane aku nek lunga-lunga adoh biasane muntahan dadi dinukokna permen kue (Davos) jere nggo tamba ben kon ra muntah.

30 Juli 2010

Ngambung Sepisan Malah Salah

"Ambung-ambungan tulih enake pol.Mulane njajal pacaran ya...Wis kaplak dengklak kaya kuwe koh.." Echi,batir raketku kit cilik nyrocos nyritakna rasane sing dijenengi ngambung.
"Asem..gawe iri tok kowe lah." nyong mung prangas-prenges ngrungokna kandane batirku pas lagi nang kisik nglakokna kaya kuwean. Ora keri mestine karo mbayangna kaya ngapa jan-jane diambung kuwe.

Nek dipikir pancen mandan ora lumrah. Ndeleng umurku sing wis 21 taun ora kena disebut enom maning.Tapi sing jenenge pacaran ora tau sepisan-pisana. Ajamaning kon ambung-ambungan, rangkulan tok be babar geblas.

Jangan Rambanan is Delicious

Sedulur., Rika pada wis tau mangan jangan Gendot apa urung?

Gendot kuwe sejenis tanduran liar sing sering tukul nang sawah utawa kalen, godonge persis enceng gondok ningen amba amba. nek nang daerah cilacap wetan sering disebut "Centhongan", soale godonge plek persis kaya Centhong sing nggo nyiduk sega. Gendot nek dijangan rasane madan sengar, krasa nang ilat madan pait tapi tetep nylekamin koh..

Kecanduan Internet

Sing jenenge internet gue jyan anu canggih banget koh. Nah kepriwe ora?, siki dewek isa omong2an utawane chating karo uwong sing anu dewek ora ngerti apamaning kenal..

Nah ana maning malah kae sing jere jenenge Google Earth, gubuge aku sing nang tengah sawah be isa keton. Siki ngakses sing bangsane kaya gue jyan anu gampang lan murah. Asal nduwe komputer, di modali modem trus gari di tunyuk2nya wis langsung jalan..

29 Juli 2010

Ajisaka & Hanacaraka

Nek lagi ndopok soal hurup Jawa sing disebut hanacaraka, sing kepikiran umume crita Ajisaka. Nyong wis njajal mubeng-mubeng nganti jeleh, tapi sing tek temokna lewih akeh crita rakyat atawa mitologi thok. Literatur sejarah sing bisa dipertanggungjawabna kayane angel degolet.

Padahal nek ndeleng awale hurup Jawa dinggo sing barengan karo jamane Sultan Agung nang Mataram, catetan soal kuwe kudune ana. Sedurunge Sultan Agung, kira-kira pas jaman kerajaan Demak - Pajang sing denggo kuwe arab pegon. Nek jaman Majapait esih nganggo hurup pallawa.

28 Juli 2010

Crita Jaman Cilik

Nyong lair Banyumas taun 1980, nang grumbul Semampir Desa Tanggeran Kecamatan Somagede. Desaku kuwe nang nggunung. Sekang pasar Sokawera (dalan sing diliwati bis) ya kira kira 5 km. Nek wong-wong pada pasar arep adol hasil bumi apa arep becer, nek ora maring Sokawera ya maring pasar Banyumas. Nek maring kota numpake kol pikep (colt pick up), sing asline Mitsubishi Colt T utawa L300 sing dipasangi kap karo disogi kursi dawa. Seudurunge dalane di aspla jere padha mlaku, tapi jamanku wis ora ngalami

Wong Gunung

Kayane wis tau tek critakna nang artikel sing disit dewek sing judule Crita Jaman Cilik. Eh tulisan kuwe digawe asal-usule anu nang milis banyumasan (banyumas@yahoogroups.com), terus tek gawe nang blog multiply, terus dipindah maring WordPress kiye. Lho malah dadi crita artikel, anu arep crita Wong Nggunung koh.

Cimplung Lobak

Cimplung, kayane wis padha ngérti kiye apa. Tapi nek cimplung lobak, kayane akeh sing padha bingung, lobak kok di cimplung. Lobak kuwe ya budin, boled, pohung, ketela pohon utawa cassava istilah latin-e. Sing ngérti istilah kiye (kayane) wong-wong nang kécamatan Somagéde karo Kémranjen gunung. Nek kécamatan lor kali Srayu, contone Kaliori, ari ngarani lobak kuwe sayur sing kaya wortel tapi putih, kaya istilah nang Nasional

Jonjang

Jamane Nyong esih cilik sing jenegane "Jonjang" (dolanan karo kanca batir) kuwe wektu sing paling detunggu tunggu saben dinane. Biasa saben malem minggu, pas padang wulan utawa ana wong mbarang gawe bocahan nang ndesaku mesti pada Jonjang. Jonjangan bocah kuna gemiyen werna werna,

Moci

Wong Tegal, Brebes, karo Slawi (sebut bae TBS, aja diganti TBC luh!) wis kondang adate seneng ngeteh alias basa sing rada keren: moci (yen wong kidul aku ora patia paham, pada sokan moci apa ora, wong aku arang-arang ndopok karo batirku sing wong kidul). Dudu moci sing aran jajane wong Sunda lho.. Moci kie nginung utawa medang teh poci. Ana maning sing ngarani cipok: moci karo ndopok. Ndopoke tah embuh, ora karuan, ngalor ngidul ngetan ngulon, tuli ngalor maning (daning kaya wong ider dagangan yah?). Tuli, kayongen tah mocine orang sedeng yen mung secangkir. Bolak-balik jog. Kayong sedep nemen ora kue?

Katresnanku

Tresnaku rasa kesuwunku
Nggo wong sing gawe wani ngimpi
Senajan nyong ora wani tangi

Tresnaku rasa gumunku
Nggo wong sing mblajari mlayu
Senajan nyong ora teyeng mlaku

Wong Sugih

Mbengi kie ra biasane kang Sudar lagi nglamun, metonggo nang emperan, nyanding kopi karo udud gudanggaram abang.Lagi nglamun karo udud, ujug-ujug kang Samin ndongol mlebu meng plataran.

“ kang Sudar..lagi ngapa, metonggo kaya kue, ra ronda?” Sudar nglongok karo geleng-geleng“Walah  Min, kang ngendi rika  ?”
“lah..kie metu, kayong sumuk nang ngumah, deneng rika ra ronda, biasane rajin mbok”“jan iya kie mbuh nangapa lagi males, kebeneran ana rika, geh ngeneh njagong,karo udud nyong arep takon “ kang Sudar keton nngomong serius. 

27 Juli 2010

Weruh Tuyul

Ceritane wengi kie malem minggu, jenenge bujangan tanggung Jarwo, Heri, Parman, karo Kirno thongkrongan nang pos ronda. Bocah papat kae termasuk golongan ELIT alias ekonomi sulit,pengine sih meng Mall tapi ra gableg duit dadi pos ronda bae wis bungah.

" Weh ngapa yah...malem minggu koh kaya kie temen, pacar ra duwe, ketemu lanang maning ketemu lanang maning, urip ora na gairah temen" Jarwo sing awake paling lemu nyrocos karo udud 76.
" Koe pengin ketemu cah wadon, kae ni Sapin mbok dewekan..kayane ya ra nolak nek jak malem mingguan nang koe, mengko nginang bareng Wo.." 
hua haa.... kabeh ngakak bareng-bareng

Ndog Dadi Nanas

Ana wong loro kie, jenenge kang Dartim karo kang Tarjo, lagi bedek-bedekan..
ngrungokna kie..

pertama kang Tarjo disit sing due bedekan..
" kang aku due bedekan kie..rika jere cerdas jajal tek tes.." kang Tarjo nantang kie
" monggo kang..tek jabani.."
" kie kang Dartim..rungokna, kepriwe carane ndog bisa dadi nanas..?"

Geger di Pagi Hari

Esuk - esuk dina minggu , aku kayong males ngapa-ngapa, dadi bar subuhan aku turu maning.
Kayane tah tembe ngleder sedela, adiku sing wadon nggugah..
" Mas..tangi wis awan, turu bae luh..di goleti mbah kaeh " aku api-api merem genah esih
ngantuk.
" Mas tangi..kaeh mbag nggoleti koh, rep dibageni duit kayane, mbok mbah tes adol pari "
Aku mikir pa iya yah..tumben mbah goleti aku esuk-esuk, kayane temenan kie. Wah jan rejeki pancen nek teka ra di nyana-nyana. Aku langsung jenggilat tangi..

Anakku Ditutna Medi

Jan wis dadi bapak pancen nyenengi pisan, siki wis ana undangan anyar. Gelar anyar sing ora kabeh wong olih. Anugerah kang Gusti Allah sing gede pisan. Siki enyong wis di undang ayah, ya mamake bocah nek orang wong liya sing ngundang genah anaku tembe 2 wulan ya urung teyeng ngomong apamaning ngundang.

nah..ana cerita kie..dadi pas kue maghrib, critane sore mau tes mlaku-mlaku. Anu kesel kayane anaku nangis bae pas maghrib. Jajal tek gawekna susu, wong pancen ora nusu biyunge. Anu biyunge pas nembe lairan mriyang dadi susune ora enak kayane, nganti siki kebablasen ora gelem.

Urek Urek

Urek-urek utawane mancing welut iku hobby sing paling nyenengi sekang jaman biyen cilik tekan siki, lagi jaman gemiyen nek musim welut jan ibarate nggal dina mben bali sekolah urung salin bae wis ngelayab nang sawah nyangking ember karo urek2/pancingan ora kelalen cacinge heheee...

nek wis tekan TKP utawane spot "galengan" langsung bae beraksi matane ndelenge ngisor mbok ana leng "bolongon umah welut" tange ndulepi lemah galengan golet lobange nek salah tulih lobang ula sing di dulep hehee...

Nanggap Ebeg

"Ning.. mong.., ning gung..,ning.. mong.., ning.. gung".

Jaman cilikane nyong ndisit, angger krungu onen onen kaya sing nang nduwur kae nyong mesti langsung mlayu nggoleti asal suara tabuhan kuwe detabuh. ora perduli agi dekongkon Beyunge tuku lenga lathung, ora perduli agi repek nang pipir kali, asal krungu tabuhan gamelan ebeg, gagian ngentirak mlayu seporete nuju maring TKP (tempat kejadian perebegan) hehehe...

26 Juli 2010

Geger Sunami

Senen Kliwon 17 Juli 2006 taun kepungkur wektu kuwe inyong nembe balik sekang purwokerto mbuh bar ngapa kelalen nek ora salah bubar ketemuan kambi bekas pacar mbien sing siki dadi calon biyunge tepleng (Sebutan nggo bocah nang dagelane samidi cilacap), merga ngawak kesel sengaja ora langsung balik ngumah njati tapine mampir gone mbekayune dimin nang sikampuh dog tekan sikampuh lingsir awan langsung baen ngglosor wong wes dadi kbiasaan mung nunut turu nang gone mbekayune.

Karangpucunge Nyong

Kawit esuk tekan ngawan sekolah neng sma-ne wong karangpucung, wetan terminal, kulon measjid, ngarep kua, nek wong karangpucung ari ora ngerti-mah kebangeten (udu kebongeden yah), ya kue jenenge sma jendral ahmad yani. Bali sekolah aku ngarit, bar ngarit mbedag bajing neng krinjingan, lebake gunung sumbul. Kadang olih, tapi seringe ora olih, mbuh bajinge sing wis entong apa aku sing ora jago, perkara kuwe aku ya ora ngerti tekan siki. 

Kangen Niniku

Nek dideleng sekang umur, Ninine Nyong kiye termasuk wis sepuh lah. umure wis 80 taunan, rambute wis dadi uwan putih kabeh. ningen untune esih wutuh getuh luh.. , mung matane thok sing wis mandan blereng dadi nek nyeluk utawa takon wong liwat mung bisa ngapalna sekang suara karo wujud kasare thok.

Senajan umure Ninine nyong kiye wis meh kedaluwarsa, Nini nini kiye esih bregas luh, esih cokan playon nang sawah ngoyok oyok weduse sing nedhak tandurane wong lia. Ngarit utawa ramban dewek nggo ngempani weduse ya esih kuat.

Download Sopsan

Mbok ana sedulur sing kangen tembangane dewek, tek wei link go donlod lagune Lik Fajar Sopsan. Suwer, nylekamin pisan. Apamaning nek destel awan-awan disambi medhang kopi lawuh danggoreng...

Memahami Perempuan

Soal paham memahami perempuan sepenuhnya makhluk siji kiye kuwe bisa diomong angel-angel gampang, terutama nek masalah hati dan jalan pikirane sing kadang-kadang -nek istilahe wong Mbanyumas kuwe- "Unpredictable" lah. 

Tapi nek memahami secara fisik kayane tah kabeh apal-kecepal terutama nek tekan masalah wedang bayi...wis jyan pokoke lengkap-lengkiplah molaih dari soal bentuk, ukuran, fisilogis, morfologis, patologis, manfaat maupun mudharat (alaah..!),nganti tekan ndeleng sifat utawa watake miturut bentuk wedang bayine....(jabang bayiiiiii...!klamite).

Kawin(an)

Nang wulan (Rajab) kiye kondangan akeh banget rata-rata pada kawin(an)....jyaaan kawin massal pokoke. Ngomong-ngomong masalah kawin(an) dadi kemutan awake dhewek pas dadi penganten gemiyen, pokoke nek diemut2 ya nyenengi ya melasi....jyan kaya sinetron pokoke. Bali malem minggu jam 11 mbengi...minggune isuk-isuk jam 9 wis ijab nang lantai IV RS Pertamina Cilacap dengan background laut yang membiru dan nusakambangan yang membentang, lorong RS sebagai tempat pesta dan kursi tunggu RS sebagai pelaminan.......nelangsa. Tapi ora papa..... somasgo'on, manut nuruti permintaan terakhir mertua sing lagi gerah.

Jendelo Rika Koyone Palsu

Iki ki mung masalah sepele, yoiku nang desktop netbook duwekku metu gambar koyo ngene:

Asline inyong uwis tau ngadepi persoalan siji iki, tapi lali. Soale mbiyen tau kerjo dadi staf kantor terus nang salah sijining kumpiyuter yo metu kuwi, rika mungkin dadi korban software palsu. Banjur inyong takon marang Google, jebule masalah koyo ngene akeh solusine. Konco-konco pinter sing nduwe blog yo ora pelit-pelit bagi-bagi ilmune.

Komunitas Gamer Ngapak

Neng fesbuk akeeeeeeeeeeeeeeeeh banget,grup utawa paguyuban sing berhubungan karo komunitas Ngapak,tapi gumune akeh sing mung rame pas awal² tok (demenyar),barang sewulan wis amleng langka sing ngrumat,mbuh kenang apa,nyong ora ngerti sebabe...


Nah,siki inyong arep crita tentang komunitas gamer fesbuk,sing isine wong² Ngapak,
jeneng grup'e

Lurahku Bersih

Tumini wis sepuluh taun urung tau balik aring kampunge dewek,tumini ora balik udu karena minggat aring luar negri,tapi tumini anu transmigrasi aring Irian jaya. Tumini sing ora patia ayu kulit ireng manis, mandan seneng nang irian jaya,soale nang irian jaya tumini dadi kaya bidadari,jan moles dewek,ayune ora patut.Dirasa uwis cukup guli buara,tumini balik maring kampung. Kampunge jenengane kampung "subur"

Sih Ngapa

Nek siki ngemut-emut taun 90-an, yaah taun 92 tekan 98 mbok esih mlebu 90-an? Jamanku esih ABG hehehehehe.. SMP-SMU maksude.

Jaman kiye angger aweh usul utawa saran ya mburi mburine ditambahi…Sih Ngapa!

Asik Sroo

Crita jaman gemiyen maning kiye. Istilah-istilah sing dienggo pas jaman aku esih cilik pancen marakna mesem angger diemut-emut maning.

Ari seneng utawa nemokna sing kepenak wong-wong sering ngomong :”Asyik Srooo!!!

Seger Wirr

Jaman cilikan ku ndisit, angger ana sing nyenengna ati terus ngomong :   “Seger Wir”

Mbuh artine apa, tapi akeh sing padha ngomong kaya kuwe.

Nek seger pantes-pantese ya angger panas-panas nginum es. Bar macul, repek, ngarit utawa playon ari bocah cilik, terus nginum es dawet, es cau utawa gemiyen ana es orson tuli seger pisan mbok.

Wong Ingin Anda Marah


Agi ngodhe, kancaku ana sing takon, “Preian rika bali?
Tek jawab, “Ya balilah”
Kancaku ngomong maning, “Bali bali bae deneng rika?”
Tek jawab spontan, “Wong Ingin! Anda Marah”

25 Juli 2010

Sejen Ora Papa, Sing Penting Ngapak

Angger sampeyan takon, "Nang umahe sampeyan ana motor?", aja kaget ngger wong-wong sing ditakoni semaure sejen-sejen. Ana sing semaur "langka", biasane wong Brebes sing ngomong kie. Ana sing semaur "laka", biasane tah wong Tegal utawa wong Brebes bagian wetan. Tuli, ana maning sing semaur "lang", akehe sing ngomong kie wong Brebes bagian kulon. Ndeane tah wis kecampur basane wong Cerbon. Kue tah ndean... (Senengane ka kulak jare adol ndean...) Tapi kayane laka wong Brebes utawa Tegal sing semaur "ora nana". Sing ngomong kaya kue tah kayane mung wong kidul, sekitar Purwokertonan lah.

Nderes

Tangi turu isuk isuk jan jane kencot ora itung apa maning mbarang weruh nang meja pedangan segane anget, tege katu karo mendoan anget kinyis kinyis nylekamin pisan tapi ndelengna anake grawilan anu kencot sebage beyung ya ngalaih, njegong nang mburitan karo nyusoni anake weruh wong nderes dadi kemutan jamanku cilik mbiyen, ben isuk njegong nangarep lawang karo ngenteni beyunge liwete mateng ndelengna ramane nang puncrit glugu, gumune weruh ramane ora ana rasa kawatir sing priwe2 mungkin karna ben dina weruh pemandangan kaya kuwe isuk sore ndeyan, puluh puluh anake tukang nderes tapi rasane ya dame2 bae, ora tau jajan permen ya ora priwe genah nyanding gula wareg nganti untune gupis kabeh

23 Juli 2010

Dopokan Karo Bule

Jan jane,kie niate nggawe cerpen,
tapi genah anu gawe "read more" be urung teyeng :hammer:
akhire dadi cerpen dawa
Hehehehehehe

Ora Ngapak Dupak

Ora ngapak Dupak!
Kenangapa ndadak isin?
Lha kiye mbok basa mu?
Dupak sisan!

22 Juli 2010

Wektu

Ora krasa
Wektu terus mlaku
Ninggalna sapa baene
Sing kesirep deweke

Undangan Sponsor

Lomba nulis ngapak kalingane direspon luar biasa. Sokongan kang lor kidul wetan balik maning ngulon akeeh ora etung. Ora ketang kur nyumbang donga. Trus mau bengi ana berita gembira. Ana sing arep melu nyumbang acara. Dadi sapa bae sing melu lomba, diundang secara khusus meng alun-alun Purbalingga bar bada sekalian halalbihalal. Tapi sing desiapna kur konsumsi thok, berupa makanan khas kesenengane deweke sing wis nyebabna deweke dadi selebritis nang tipi. Akomodasi, ongkos mbecak lan lia-liane mangga modal dewek-dewek.

21 Juli 2010

Sepur Egreg Banjar-Kroya

Nek wong-wong ngarani sepur egreg, utawa sepur kruthuk, jan jane jeneng resmi sekang PT KAI yaguwe Kereta Api Campuran. Dijenengi sepur kruthuk utawa egreg sebab nek mlaku sepure brisik banget, nggole obah kenceng banget, kaya ana lindu 7 skala richter, suarane egrag-egrek, kruthak-kruthuk. Nek basa resmine diarani Kereta Api Campuran sebab sepure ana gerbong sing nggo penumpang lan gerbong sing nggo barang. Biasane gerbong sing nggo penumpang ana loro nang sebelah ngarep/mburi ndas sepur. Gerbong sing nggo barang nang paling mburi, jumlaeh biasane luwih akeh ketimbang gerbong sing nggo penumpang.
06kereta.gif

Ngangsu

Jamanku cilik, wong ulih banyu nggo adus, nggo nginum ora kaya siki sing nganggo pompa listrik sing latah diarani Sanyo. Gemiyen ngarah banyune sekang sumur cilik sing panggonane lewih dhuwur, istilahe ngeslang, soale nganggo sleng banyu. Sekang sumur mu disedot disit nang ngisore, nek wis mili terus disambung slang maning nganti tekan umahku. Lumayan adoh, kayane ana setengah kilo. Dadi banyune gari mili, dijorna bae nganti kimplah-kimplah luber. Paling angger ora mili gari di tiliki. Goleh niliki diurut kang ngisor, sapa ngerti ana sing pedhot apa pecah ketiban klapa utawa kayu.

Basane Bocah Siki

Jaman inyong cilik gunane diwaraih werna-werna tata carene wong njawa, sing paling mesti diajari nganggo basa kromo alus, ora ketang ora kabeh diajari kromo alus, tapi sing mesti kabeh bocah pada nganggo basa jawa ngoko saben dinane.

Kayane Luh

Pejabat pada nggawani mobil mewah, rakyate pada numpak becak. Ora ketang penghasilane ora sepira, tapi tetep bae becak tesih dadi penguripane sebagian wong ndesa, soale pancen ora ana pilihan liyane, teyenge mung mbecak, arep nukang ora due ketrampilan, arep dagang ora due modal, arep tani ora due sawah.

Munthul Jere Ubi Jepang

Munthul (Ipomoea batatas) sing jere wong kota jenenge ubi jalar, kue panganan biasa nggo wong ndesa. Wis ora aneh nek wong ndesa mangan munthul godog utawa munthul goreng. Munthul enak dipangan pas mangsane wong ngaso. Nalika wong ndesa pada ngumpul gendu-gendu rasa, sandingane sing pas ya kopi karo munthul. Wis jan pokoke maherel pisan.

20 Juli 2010

Lomba Nulis Blog Ngapak


Dasar
1. Basa ngapak kuwe warisan kang ninine sing aja nganti ilang butul kiamat.
2. Maca tulisan nang Kompas cithak tanggal 17 Juli 2010 halaman 12, sing nyebutna basa ngapak wis meh punah, utamane nang kalangan bocah nom noman.
3. Ndeleng kenyataan nek blogger ngapak suwe suwe mbuh pada maring ndi nganti ra tau ngapdet maning.
4. Sing pada komentar nang blog sing nanggepi tulisan kompas kuwe pada ndukung nek dianakna lomba nulis ngapak liwat blog.

Tempat Ndaptar Lomba Nulis Ngapak

Sing arep melu lomba nulis ngapak, mangga ndaptar nangkene. Carane tulis bae link blog tempat rika nulis nang kolom komentar. Mengko jurinew sing marani meng bloge rika. Tulisan sing wis didaptarna diupdate nang blog go ngecek mbok ana sing ketlingsut.

Paling lambat tanggal 30 September 2010 jam 24:00 WIB. Bar kuwe tutup. Dilarang ngenyang...

Nangkene khusus go ndaptar. Nek ana komplenan aja nangkene. Pertakonan soal materi lomba klik nangkene ya...

Dikerjani Lawang

Isuk-isuk tangi turu medang kopi lawuh mendoan. Tongkrong ngarep komputer, ceting karo bunda. Hmmm… nylekamin pisan jan.. Wis  ora kelingan utang pokoke lah.

Lah ndilalah, ana lombok kecokot, padahal aku kue paling anti maring sing jenenge pedes. Mending gelut pokoke lah daripada kon ngunthal sambel karo cirine. Ora let sue, mulai krasa bala kurawa cacing pada demo. Mules les lesss…

Nyaut anduk mlayu meng kamar mandi. Halah… ana menungsane. Tek tunggoni nganti ntek udud se ler koh ora metu-metu. Ora kuat nahan lara weteng, tek dhodhog lawange alon-alon. Amleng…

Jaman Kepenak

Maca tulisane wong gemblung sing tek kutip kang kene (mangap, diwaca dewek bae lah, ora tegel goleh ngutip), trus maca-maca soal perkembangan jaman sing wis apa-apa Internet aku dadi mandan melu kenthir.

Apa maning lagi nggliyeng tes ora turu sewengi. Bar subuh ngleder nganti nglilir kaget gara-gara ngimpi basah sing temenan gejebur. Gara-gara jendela kelalen ora tek tutup, dadi banyu udan tampuh meng jero kamer.

Inyong Bangga Dadi Wong Ngapak

Kalau Anda pengin sehat, minumlah susu
Kalau pengin seksi, rawatlah susu
Kalau pengin cantik, mandilah susu
Kalau pengin iseng, senggollah susu
Kalau pengin nikmat, isaplah susu
Kalau pengin berhasil, jangan kesusu.

Nyilih sajake Prof. Dr. Eko Budihardjo.
Ping bola bali aku ditakoni kanca-kanca MP, terutama sing wong jawa tapi jawa wetanan apa mandan ngalor. Kanca-kanca sok pada takon kaitane karo gaya basa sing tek nggo karo kanca-kanca. Sing gumun tok ana, sing malah lakak-lakak ana, sing nganggap perusuh ya ana.

19 Juli 2010

Jaman Pramukaan

Jaman urip nang alas kuwe pancen akeh banget suka dukane. Utamane nek lagi mangsa pelatihan. Kaya pas lagi latihan nang Brimob Kelapa Dua. Sejam rasane setaun. Waktu go ngaso kur mungmungan. Ket jam 4 isuk nganti jam 11 mbengi ana-ana bae kegiatane. Mulane ana waktu sethithik, mesti dimanfaatna banget go ngaso. Kaya nek pelajaran nang kelas, mata tah mentheleng maring insuture tapi asline anu turu. Nek upacara ya padha bae. Turu karo ngadeg ya nembe ngalami mangsa kuwe, tapi nek ana aba-aba kang komendane krungu.

Paling semangat kuwe nek titiwancine kon pada mangan. Sega sekabrukan mesti ludes. Piring be nek enak wis mesti diklethak. Ndlenger sethithik lawueh ilang disaut tanggane. Mbuh saking mangase apa saking enake masakane. Tapi sing jelas nek arep madang kuwe kon baris disit trus mlayu ngubengi lapangan ping sepuluh.

Pejabat Teras

Rumangsa urip ket cilik nganti tuwa dadi wong desa, kepaksa urip nang kota krasa banget sengasarane awak. Nek ana sing ngomong kejamnya ibu tiri tak sekejam ibu kota kayane sering krungu. Tapi dirasakna temenan ya nembe siki.

Pertama ngambah Jakarta wis dilomboni wong. Takon alamat malah disasar-sasarna. Takon tukang ojeg dijujugna mubeng-mubeng adoh banget nganti mbayare larang. Ora ngertia nek dilakoni mlaku be sepuluh menit tekan. Dolan nggone Kang Khamshe mangkate sejam tekan, baline 4 jam nembe nemu dalan sing bener.