26 Juli 2010

Komunitas Gamer Ngapak

Neng fesbuk akeeeeeeeeeeeeeeeeh banget,grup utawa paguyuban sing berhubungan karo komunitas Ngapak,tapi gumune akeh sing mung rame pas awal² tok (demenyar),barang sewulan wis amleng langka sing ngrumat,mbuh kenang apa,nyong ora ngerti sebabe...


Nah,siki inyong arep crita tentang komunitas gamer fesbuk,sing isine wong² Ngapak,
jeneng grup'e

★★ MAFIYA NGAPAK™ ★★
MAFIYA NGAPAK™  kuwe salah sijine grup fesbuk sing isine wong wong sing ilate ngapak,
sing gaweane dolanan mafiya war,sesuai karo mottone


̿̿ ̿̿ ̿̿ ̿'̿'\̵͇̿̿\з=(Ora Ngapak,Dupak!)=ε/̵͇̿̿/'̿'̿ ̿ ̿̿ ̿̿    

grup kiye pancen di gawe nggo bocah bocah ngapak sing dolanan game mafia war,
walopun sing gabung grup kiye rata² wong lanang,,,
tapi ora banjur jeneng grupe di ganti dadi PAKFIYA NGAPAK,Nyahahahahahahahaha

Grup kiye di deg na,bin di bangun binti di brojolna neng mbokayu Mei fita primadona asli cilacap :brengkolang:
maune pada bingung,kapan jane grup kuwe lair,
tapi setelah tapa 13 jam 13 wengi,akhire nyong nemu wallpost pertama neng grup kuwe,sing kemudiyan di yakini dadi tanggal laire grup ngapak
monggo cekibrot!







Posting pertama tanggal 17 desember 2009
di percaya sebagai tanggal laire grup Mafiya Ngapak
Tekan dina inyong gawe tulisan kiye,anggotane wis 500 blindhi lhoooo


Nek manut tujuan awale grup kiye di lairna pancen kur nggo wong² sing dolanan game mafiya war tok.,
tapi isine ora kur masalah game tok,neng kene ya cokan pada gendhu² rasa,nek cara remaja jaman siki ya curhat lah,hehehehehe
ana sing curhat tentang pacar,ana sing bagi² link lagu2/vidio ngapak (vidio arit karo luya mana tah ora nana sing mbageni),ana sing curhat tentang koneksi internet lemot,ana sing nyanyi nyanyi ora nggenah,,dan sing paling penting,grup kiye dadi ajang nggo melestarikan "Bahasa Ngapak" sing jere wis mulai luntur

Merga bahasa sing di nggo neng kono bahasa Ngapak,bahkan pas kae ana bule nyasar maring ngonoh,di ajak ngobrol uga karo bahasa Ngapak,Penjorangan mbok??Hahahahahahahahahaha,

Tapi inyong dewek olih akeh kosakata Bahasa Ngapak sing maune inyong blabar plothas ora ngerti siki dadi ngerti,sing sopan ya ana,sing saru ya akeh,Nyahahahahahahahahaha
salah akehe,"clebek","nylekamin","Njepathur","mageh","kelon",
tapi gumune sing paling tek apal kuwe istilah "MBENEM" hehehehehehe



Rasa peseduluran neng grup kiye juga krasa banget,nek ana sing lagi sedih ya di hibur,kadang juga di tambah sedih si,,,wkwkwkwkwkwkwkwkwkwkwk
Pokoke inyong betah banget nek wis mulai pada kumpul kuwe anggota ne,walopun isine kur nyek nyekan,tapi mbetaih ^^b
Trus Gara2 grup kiye juga,inyong dadi ngerti akeh sedulur ngapak sing pada merantau,
dadi nek arep ngendi2 ora bingung nek arep mampir ^^

Siki sing ngrumat grup kiye ana wong 5
sing paling tua ya kuwe Ayahnya Iffah alias lik Khamse
trus pendirine mbokayu Mei Fita
trus ana maning 'Axt dopplegangger' alias Al Idzhar ferryan
ana maning Mbah Jenggot alias Bayu Armanda
dan terkahir sing paling enom paling lucu paling ngganteng paling segala2ne ya kuwe Inyong :ngumpruk:

Inyong yakin,walopun kur lewat game,tapi grup kiye bisa dadi salah sijine paguyuban sing bisa urun nglestarikna budaya berbahasa ngapak.
Ya Ora sedulur??

Semono disit lah critane inyong,,,

Ana kotak isine taplak,
Ora Ngapak kudu di dupak!


Klilan 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar