26 Juli 2010

Sih Ngapa

Nek siki ngemut-emut taun 90-an, yaah taun 92 tekan 98 mbok esih mlebu 90-an? Jamanku esih ABG hehehehehe.. SMP-SMU maksude.

Jaman kiye angger aweh usul utawa saran ya mburi mburine ditambahi…Sih Ngapa!

Contone kaya kiye,

Daplun : “Aku ngesuk ora mlebu sekolah lah, tanganku kedhengklek.”

Sandol : “Mlebu bae sih ngapa!

Jaman kuwe ya agi seneng-senenge ngrungokna radio. Nang radio ya angger kirim-kirim salam sering ditambahi…sih ngapa! Padahal ngarep-e bahasa Indonesia.

Terus ana sing mlesetna …sih ngapa! dadi …sih ngaspal!

Pokoke kiye critane sing duwe blog agi nostalgia lah.

Pokoke rika gari maca bae …SIH NGAPA!!!

Ora usah protes ..SIH NGASPAL!!!

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar