30 Juli 2010

Jangan Rambanan is Delicious

Sedulur., Rika pada wis tau mangan jangan Gendot apa urung?

Gendot kuwe sejenis tanduran liar sing sering tukul nang sawah utawa kalen, godonge persis enceng gondok ningen amba amba. nek nang daerah cilacap wetan sering disebut "Centhongan", soale godonge plek persis kaya Centhong sing nggo nyiduk sega. Gendot nek dijangan rasane madan sengar, krasa nang ilat madan pait tapi tetep nylekamin koh..

Ana maning Rambanan sing teyeng dijangan seliane gendot. Kaya "Krema", krema wujude mirip krokot mpan jangkrik. krema enake dekluban utawa dedadekna pecel. nggolete gampang, nang galengan sawah apa nang pipir kalen ya anu akeh kuwe.

Sedulure Krema sing kena dejangan yakuwe "Gunda". Gunda akeh tukul ning pipir kali, godonge meh pada karo mbako aceh sing mendemi kae. rasane madan pait ningen tetep nggadhel koh. Gunda kena dekluban utawane detumis karo tempe. dejamin nek rika mangan mesti mele mele kepaiten. hehehe...

Tunggale Gunda sing kena nggo wareg wareg telih ya ana maning koh, yakuwe "Semanggen" utawa semanggi basa endonesiane. semanggen biasane urip nang sawah jejeran karo pari sing urung didaut. ati ati bae nek mangan janganan kiye, mbok anu sawaeh bar de Granul koh, bisa bisa rika sawan celeng jalaran mangan semanggen campur pestisida. ora lucu mbok nek Rika semaput terus mlebu rumah sakit jalaran mendem semanggen?.

Rupa rupa janganan kaya sing nang nduwur kae koh jaman siki wis langka sing gelem bruwun ya? Pada gengsi mangan suketan sekang sawah apa wedi mbok keracunen pestisida mbuh... Sing genah cilikane nyong gemiyen wareg saben dina dekombor jangan karo kluban asil bruwunan mboke nang sawah. mulane uteke pas pasan kaya kiye wong gizine bae gendot karo semanggen sih. jere ninine sing penting wareg lah..

Pirang pirang taun ora ngambah lemah jawa koh nyong krasa kangen karo jangan asil rambanan ya? Pernah saking kepengine mangan jangan gendot Nyong bruwun nang kali kene (Batam). Gendote keton lemu tur ijo royo royo koh, ya wis, Nyong menclum mbanyu terus bruwun. tekan ngumah tek rajangi, tek kumbah terus tek jangan.

"Klamite!"., rasane jan ora patut babar blas, mambu langu tur nang ilat krasa gatel. hii., aja aja kiye udu gendot apa yah?.

Lah., wong anu saking kepengine mangan jangan gendot dadi malah nggragas kaya kiye nyonge koh...

Mbok Rika ana stok gendot ngeneh nyong dekirimi lah...

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar