21 Juli 2010

Munthul Jere Ubi Jepang

Munthul (Ipomoea batatas) sing jere wong kota jenenge ubi jalar, kue panganan biasa nggo wong ndesa. Wis ora aneh nek wong ndesa mangan munthul godog utawa munthul goreng. Munthul enak dipangan pas mangsane wong ngaso. Nalika wong ndesa pada ngumpul gendu-gendu rasa, sandingane sing pas ya kopi karo munthul. Wis jan pokoke maherel pisan.

Wis ket jaman mbah buyut gemien, wong ndesa pada mangan munthul. Nganti siki, ora tua ora nom, tetep pada seneng munthul. Bedane, siki munthul ora diolah dadi gorengan karo godhogan tok, munthul siki wis mulai diolah dadi panganan werna-werna. Ana sing digawe mi, malah ana sing gawe es krim bahane karo muntul.

Jaman siki munthul wis ora didol nang ndesa-desa tok, supermarket nang kota-kota gede wis pada nyanding muntul. Nek wis nang super market jenenge wis udu munthul utawa ubi jalar maning, jenenge wis malik dadi ubi jepang. Embuh kepriwe ceritane, munthul ganti jeneng dadi ubi Jepang. Magane wis ket jaman sedurunge Jepang mlebu Indonesia, wong Jawa umume wis pada mangan munthul.

Sing aneh maning, gemien wong kota jere bebeh tuku munthul (isin mbok). Tapi basa wis ganti jeneng dadi ubi Jepang, wong-wong kota wis ora isin maning mangan munthul. Ora urusan nek bar mangan munthul dadi ngentut bae. Sing penting wis mangan panganan Jepang. Soale wis dadi adate wong Indonesia ngrasa seneng nek wis mangan panganan sing jenenge mambu-mambu luar negri. Magane pada bae munthul ya munthul, wis ana ket jaman uyah urung asin. Munthul ya tetep panganane wong Indonesia ket jaman gemien. Panganan asli indonesia, udu diwei nang wong Jepang.


1 komentar: