26 Juli 2010

Karangpucunge Nyong

Kawit esuk tekan ngawan sekolah neng sma-ne wong karangpucung, wetan terminal, kulon measjid, ngarep kua, nek wong karangpucung ari ora ngerti-mah kebangeten (udu kebongeden yah), ya kue jenenge sma jendral ahmad yani. Bali sekolah aku ngarit, bar ngarit mbedag bajing neng krinjingan, lebake gunung sumbul. Kadang olih, tapi seringe ora olih, mbuh bajinge sing wis entong apa aku sing ora jago, perkara kuwe aku ya ora ngerti tekan siki. 


Mbengine ngeband, ari ngaji jan wis kayane tekan smp thok, lulus smp melu lulus ngajine, mung khatam turutan thok, isin sih jane. Nek ora ngeband ya paling nggolet prawan maring Tayem, kadang Mblisuk, nek ana duit maring Surusunda, nek kakehen duit paling adoh maring Majenang. Nek lagi kere cukup tuku mendoan neng Koplak, kadang malah mung nongkrong thok, ndomblong.

Kuwe ganu pas lagi sma, lagi neng karangpucung urung rame. Apa siki wis rame?. Jane rame sih urung, tapi ya wis madan mendingan. Siki akeh rukone, ana toko sing apik tapi krung-krungu jerene regane larang dadi mbebeih. Trus wis akeh rental musike, ana papat mah ndeyan, pas aku sma mah anane rental ps, njeprah. 

Rental komputer ya wis akeh juga, tapi regane esih larang, mulane nek urip neng karangpucung bae angel pintere, paling-paling pinter nginum, nginum ciu, esih ana ora yah? madan kangen karo ambune..... Trus sing anyar ya kae, rental internet, tapi payu ora yah? madan ana kemajuan, karangpucung melek teknologi, dadi bisa ngintip Jenifer Lopes neng amrik kana, bisa chating karo lilike sing neng Hongkong, ora kudu nelpon

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar