19 Juli 2010

Jaman Pramukaan

Jaman urip nang alas kuwe pancen akeh banget suka dukane. Utamane nek lagi mangsa pelatihan. Kaya pas lagi latihan nang Brimob Kelapa Dua. Sejam rasane setaun. Waktu go ngaso kur mungmungan. Ket jam 4 isuk nganti jam 11 mbengi ana-ana bae kegiatane. Mulane ana waktu sethithik, mesti dimanfaatna banget go ngaso. Kaya nek pelajaran nang kelas, mata tah mentheleng maring insuture tapi asline anu turu. Nek upacara ya padha bae. Turu karo ngadeg ya nembe ngalami mangsa kuwe, tapi nek ana aba-aba kang komendane krungu.

Paling semangat kuwe nek titiwancine kon pada mangan. Sega sekabrukan mesti ludes. Piring be nek enak wis mesti diklethak. Ndlenger sethithik lawueh ilang disaut tanggane. Mbuh saking mangase apa saking enake masakane. Tapi sing jelas nek arep madang kuwe kon baris disit trus mlayu ngubengi lapangan ping sepuluh.

Ana sing mandan asik. Latihan terjun payung nang Bumi Perkemahan Cibubur. Pertamane sih tandem karo jamping mastere. Bareng dianggap wis mandan pinter nembe diontal-ontalna dewek-dewek. Lha kuwe, bocah rong puluh sing latihan sing mendarat pas nang klowongan kur bocah lima. Sing sanga sukses mudhun nang lapangan tapi kelarak parasit nganti babak bunyak, liane pada mudun nang danau. Aku anu mandan pinter, pancen ora pas nang klowongan tapi kan ora nyeblung blumbang apa kelarak-larak.
Kur cemanthel nang wit...

Trus aku tau olih penghargaan pas ujian nembak. Biasane kur dolanan plintheng koh kon ngincer nganggo bedil moser tinggalan jaman jepang. Rampung latian kupinge budheg karo pundak njarem. Nembaki botol akeh-akeeh pada titis. Sing angel kuwe nembak balon sing dijiret nang patok. Balone obah-obah bae kenang angin, sing bisa nembak pas balone kur separo peserta. Aku olih penghargaan penembak jitu kang instrukture. Balon langsung kena nang tembakan pertama. Padahal sing tek incer jane balon sebelaeh...

Pancen sengsara aku seneng nglakoni kegiatan-kegiatan kuwe. Apa maning awakku kan kaya bodigar, bodi garing kamsude. Berdada bidang tapi bidang datar. Tapi justru kuwe kelebihanku. Liane sing pada lemu-lemu sering pada kangelan terutama nek lagi kegiatan halang rintang apa mountainering. Mulane aja ngenyek maring wong gering ya...

Bersukurlah sing rumangsa berbodi kaya montor tiger, alias tinggi gering. Ngapa-ngapa kepenak. Dioyok maling umpetan nang mburi saka tlepun be ora konangan. Kur ana siji pelajaran sing aku sengite pol. Ora maning-maning pokokelah...
Latihan karo anjing pelacak...

Senenge bareng wis dadi senior. Bisa bales dendam meng bocah-bocah anyaran. Tapi aku tahu digawe kesuh nang anak buah semblothongan. Critane pas lagi latihan survival nang PLTA Ketenger. Sing intine, kepriwe carane golet pangan nang alas, kepriwe carane masak nganggo bumbung pring, cara liwet nganggo kaos kaki, nggodog wedang nganggo tas kresek, dll dll... Pokoke blajar urip dadi wong ora normal lah intine...

Rampung pemantapan teori, bocahan dibarisna maning kon pada mulai praktek. Bocahan tek gawa meng kali. Wit-witan mrambat nang duwur banyu kebeneran akeh. Tapi koh pada ora gelem kon mangan.

"Kiyeh, ndul.. tanduran kiye bergizi. Lewih aman dibanding karo sing nang alas," aku ceramah maning.

Esih pada meneng bae. Kencot apa ora sih janjane..? Apa ora ngandel maring omonganku...? Karo mandan nyabar-nyabarna ati, sidane aku nyemplung dewek... Ceg meg, kraus kraus.. tek pangani godong-godongan kuwe.

"Kuwe deleng... aku ora mati, mbok..? Wis pada nyarap ngonoh..."

Ealah...
wis tek contoni be esih ora gelem bae. Kencot campur kesuh aku tambah mangas goleh mangan. Darani kaya wedus be ngonoh... Lagi semangat 45 menikmati lalaban tanpa sambel. aku weruh ana sing kemambang liwat nangarep mata. Langsung bae aku mendelik meng nduwur kali.

Slompreeeet...
Ana sing lagi ndodok...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar