27 Juli 2010

Geger di Pagi Hari

Esuk - esuk dina minggu , aku kayong males ngapa-ngapa, dadi bar subuhan aku turu maning.
Kayane tah tembe ngleder sedela, adiku sing wadon nggugah..
" Mas..tangi wis awan, turu bae luh..di goleti mbah kaeh " aku api-api merem genah esih
ngantuk.
" Mas tangi..kaeh mbag nggoleti koh, rep dibageni duit kayane, mbok mbah tes adol pari "
Aku mikir pa iya yah..tumben mbah goleti aku esuk-esuk, kayane temenan kie. Wah jan rejeki pancen nek teka ra di nyana-nyana. Aku langsung jenggilat tangi..

" Ndi mbah..koe diwei pira "
" Huuu..kit mau di gugah ra gelem, krungu duit ijo "
" Alah koe lewih-lewih..ngasi abang "
" Wis nganah kae mbah wis nunggoni " aku raup trus metu njaba, lagi pada ndopok nang
emperan.

" Lah bocah..wayah ngene ko esih turu, rejekine thothol ayam "
" Ayame dikep mbah, sembeleh trus jiot rejekine "
" Mbahmu..." mbahku kesuh, karo muncu-muncu ngasi kinage arep copot.
" Lah mbahku ya rika lah mbah priwe mbaeh.."
Mbahku bingung trus mesem..ngerti salah omong ndean.
" Kue mbok..mau nggoleti,  arep diwei apa " biyungku melu  nambaih
" Iya mbah, wonten nopo mbah, arep bagi warisan pari pa mbah "
" Maning..dunya bae pikirane, sekolah sing  rajin, sing pinter ben dadi dokter, dadi mengko
nek  mbah mriyang berobate gratis "
" Iya mbah..mengko gratis..rep sedina suntik ping satus gratis  lah mbah "
" Ping satus..ujare bokonge mbahmu jahitan apa " pada nyekikik bareng krungu omongane
mbahku. Mbahku pancen lucu pisan..wong hp beh ndarani rek gas. Nganti ngomeih mantune
jerene rek apik-apik ra murub. Oalah..gusti
" Lha terus esuk-esuk mbah geger nggoleti aku ana apa "
" Derok menang mau mbengi " derok...? aku karo biyungku, trus ramaku bingung.
" Derok apa mbah, manuk kangn ngendi kue, anu mbaeh melu balapan dara apa "
" Maning..bocah nek ora temua ya kaya kue, dara bae pikirane, mulane nonton tivi, aja turu
bae..turu kaya maregi "
" Anu apa kue..mbah.."
" Kae sing gelutan nang tivi "
" Sapa sing gelut mbok " biyungku langsung nyamber
" Kae wong landa pada wuda, gelutan di tonton wong pirang-pirang " aku trus mikir, kayane
tah mbaeh..mau mbengi tes nonton smackdown. Gulat bebas kae..anu tontonan lucu janeh.
" Oh..anu The rock ya mbah..sing awake kaya kodok ya mbah "
" Iya kue bener "
" Trus nangapa "
" Menang mau mbengi, mungsueh di wolak walik, trus di banting..di idek, lah pokoke rame
pisan " aku kur mlongo ngrungokna mbaeh crita.
" Trus derok di keroyok, batire teka ngrewangi, dadi akhire derok bisa menang, koe ora
nonton sih, rame pisan.."
" Rame endi karo wayang mbah "
" Lah wayang wis ra rame.."
" Dadi mbah nggugah esuk -esuk kur arep crita gelutan nang tivi kue "
" Iya..ujarmu sih apa..aweh duit pa..seger temen, tangi turu diwei duit "
" Gusti..ujarku arep aweh warisan..mbah..mbah..jan wis tua eling mbah "
" Hush..eling apa sih, ya eling...." aku rep mlebu umah maning..nglanjutna turu lah..
" Lah koe rep mengendi.."
" Turu maning mbah, tanggung mau lagi ngimpi numpak motor mabur koh "
" Arep duit ra kie " alah mbahku arep aweh duit, aku mbalik maning.
" Ya arep pisan mbah "
" Ya kae..meng mburitan, ngeduk blumbang, wis akeh runtaeh, keduk sing jero, runtaeh kena
nggo pupuk wit gedang, mengko nek mateng koe mbok sing nyekek "
" Lah..deneng kon ngeduk blumbang, mbaeh luh..."
" Wis ja protes..mengko tek wei sewu.."
Jan mbaeh luh..sewu sih nggo ngapa..tuku udud olih kur rong ler...gusti..geger esuk-esuk....


Tidak ada komentar:

Posting Komentar