29 Juli 2010

Ajisaka & Hanacaraka

Nek lagi ndopok soal hurup Jawa sing disebut hanacaraka, sing kepikiran umume crita Ajisaka. Nyong wis njajal mubeng-mubeng nganti jeleh, tapi sing tek temokna lewih akeh crita rakyat atawa mitologi thok. Literatur sejarah sing bisa dipertanggungjawabna kayane angel degolet.

Padahal nek ndeleng awale hurup Jawa dinggo sing barengan karo jamane Sultan Agung nang Mataram, catetan soal kuwe kudune ana. Sedurunge Sultan Agung, kira-kira pas jaman kerajaan Demak - Pajang sing denggo kuwe arab pegon. Nek jaman Majapait esih nganggo hurup pallawa.

Nek pancen Ajisaka ding nemokna hanacaraka, kudune wong Jawa ora wawuh karo hurup pallawa apa devanagari. Nyatane meh kabeh prasasti detulis nganggo hurup pallawa. Apamaning ora nana kakawin sing nganggo basa Jawa Kawi sing nulis tentang hanacaraka. Nek pancen masa kuwe hanacaraka wis ana, kudune paling ora ana catetan sejaraeh ora ketang siji. Crita Ajisaka kur detemokna nang basa Jawa gagrak anyar, sing artine detulis nang jaman Kapujanggan (Mataram Kartasura).

Bangsa Nusantara kuwe duwe tradisi lisan dudu tulisan. Mulane akeh-akeeh candi gole nyritakna apa-apa nganggo relief sing wujude kaya komik sing lewih gampang depahami masyarakat. Mbarang kepinterane mulai mundak, kalangan priyayi karo propesor jaman ganu mulai krasa kurang praktis nganggo basa gambar. dadine trus pada nyilih karo ngrubah hurup india (pallawa karo devanagari) go didadekna tulisan nusantara.

Nangapa nyong nyebut crita Ajisaka kuwe kur mitologi..? Kuwe pas karo budaya lisan bangsane dewek sing lewih seneng nganggo omongan timbang dokumen tertulis. Mulane basa kiasan lewih akeh degunakna. Apa maning crita rakyat sing turun temurun kuwe sifate istana sentris. Mulane akeh hal-hal sing sengaja dibiasna kang arti sing sebenere. Makane aja gumun nek akeh filosofi lawas sing nek detakokna alesane cukup dejawab ora ilok.

Filosofi sing diajarna nang crita kuwe bisa ditelusur kang jeneng tokoh tokoeh. Tanah Jawa critane dikuasai Prabu Dewata Cengkar. Dewata artine dewa apa roh leluhur sing nguasani salah siji kodrat. Cengkar artine tempat sing tandus. Ajisaka asale sekang kata aji sing artine kekuatan sing sifate lewih abot spirituale. Saka artine penyangga. Dadi Ajisaka bisa menang nglawan Dewatacengkar bisa diartekna kebajikan sing ngalahna kemunkaran.

Tapi Ajisaka uga menungsa biasa sing bisa nyalaih omongane dewek. Ajisaka sing kudune nyekel kenceng sabda pandita ratu sing go panutan bawahane malah gawe bencana. Kan critane pas ninggalna pulau Majethi nang sekidule Nusakambangan, kerise ditinggal. Abdine sing jenenge Sembada kon nunggoni karo dipeseni, pokoke nek dudu Ajisaka dewek sing njukut keris kuwe, aja ngasi diweken. Nyatane bareng dadi ratu, Ajisaka prentah abdi liane sing jenenge Dora kon njukut kerise. Sembada rumangsa diwei amanat ora gelem ngewehna kerise meng Dora. Sewalike Dora sing rumangsa deprentah kon njukut ora gelem ngalah. Pokoke ora wani bali nek keris urung kegawa. Sidane perang tanding nganti mati bareng.

Nek dedeleng kang critane, wong loro kuwe ya ora ana sing salah. pada-pada abdi sing manut karo bendarane. Gustine bae sing goblog gawe titah koh ora genah. Tapi kenangapa abdi kuwe dijenengi Sembada karo Dora..? Dora mbok artine goroh, nek Sembada artine kuat atawa teguh. Apa enggane Dora nguja nglombo meng Sembada, ethok-ethok deprentah kon njukut keris.?

Kayane ra mungkin nek pemilihan jeneng kuwe ra nana maksude. Apa maning kebiasaane wong kuna mbok nek crita senenge  ora blak-blakan. Ana bae sing kudu ditapsirna nang sing krungu. Apa iya sih kur kebeneran..? Kur ngarah men endinge pas karo kaidah amar maruf nahi munkar..?

Apa crita kuwe kur pengin aweh wejangan nek wong cilik kuwe arep bener apa salah, tetep dadi korban polaeh penguasa. Rakyat kur wajibe manut nganti mati, sementara sing duwe kuasa ora bakal disalahna. Mbuhlah, rung nemu literatur sing kumplit...

Pancen kang perang sampyuh kuwe trus diabadikna nang hurup Jawa sing artine :
Hana caraka : Ana utusan
Data Sawala : Pada kerah
Padha Jayanya : Pada-pada kuat
Maga Bathanga : Pada mati kabeh

Tapi nek nyong ndeleng kebiasaan wong kuna gawe candra sengkala, susunan hanacara kayane bisa uga macane dewalik. Nyong nemu konsep spiritual sing adiluhung nangkono. Kira-kira kaya kiye :

Maga mbathang
Nglakoni mati (napsu) sedurunge mati temenan secara fisik atawa biologi. Dadi maga bathang bisa diartekna mengkondisikan diri go nglakoni semedi nang urip sing sebenere. Istilaeh ngilangna "dualitas" nang persepsi sangkan paraning dumadi.

Padha jayanya
Kekuatan kasar karo alus menungsa wis dadi siji. Nek konsep wong China ndeyan Yin karo Yang wis menyatu mulane wis rabisa diekstrak maning unsur-unsure.

Data sawala
Wis ora nana maning pertentangan unsur kasar karo alus. Yin karo Yang wis ora pada tubrukan maning. Data nang basa Jawa kuna artine pada bae karo dhatan sing artine tanpa alias ora nana. Sawala artine pertentangan.

Hana caraka
Muncul caraka atawa pesan atawa kreasi.

Dadi laire alam semesta kuwe disebabna proses hanacaraka wis dilakoni Sang Hyang Wenang. Kreasi nang jerone urip menungsa uga bisa kedadean barang wis dilakoni proses hanacaraka. Kesimpulane nek wong urip ra gelem ngalkoni "mbathang" alias mateni ego, selawase ora bakal ana sing jenenge kreasi. Nek kreasi wis ora nana, budaya uga ora bakalan tercipta.

Mumet yah..?
Pada karo nyong berarti..

Men lewih entheng, tek gawe filosofi dewek baen tentang awal mula kehidupan nganggo filosofi hanacaraka. Kira-kira kaya kiye, lik...

Hana caraka : Nyong ketemu karo bojo
Data sawala : Trus pada kerah
Pada jayanya : Pada bae ngotote
Maga bathanga : Bareng-bareng lemes ora daya

Yah...
Ora njlimet mbok soal asal muasal kehidupan menungsa..?

Trus soal Ajisaka piwe..?
Ya ndeyan kur kiasan kang kekuatan (aji) semacam tongkat (saka) sing bisa nglairna penguripan sing anyar. Lia-liane mbuh. Jal rewangi nyong nggoleti refrensi lia...

Salam mumet
Tertanda

Tidak ada komentar:

Posting Komentar