27 Juli 2010

Nanggap Ebeg

"Ning.. mong.., ning gung..,ning.. mong.., ning.. gung".

Jaman cilikane nyong ndisit, angger krungu onen onen kaya sing nang nduwur kae nyong mesti langsung mlayu nggoleti asal suara tabuhan kuwe detabuh. ora perduli agi dekongkon Beyunge tuku lenga lathung, ora perduli agi repek nang pipir kali, asal krungu tabuhan gamelan ebeg, gagian ngentirak mlayu seporete nuju maring TKP (tempat kejadian perebegan) hehehe...

Nangapa nyong seneng banget nonton Ebeg?, soale, keluargane nyong sekang Buyute nyong, kakine tekan ramane nyong kuwe pelaku seniman Ebeg banyumasan kiye. Malah generasi terakhir penerus keluarga "perEbegan" keluargane nyong siki temurun maring Adine nyong, nyong salut temenan karo adine nyong sing siji kiye, jaman siki bocah nom gelem dadi seniman Ebeg kuwe mbok arang arang ana. Bocah nom siki lewih seneng ngeben utawa dadi pembalap ketimbang dadi seniman Ebeg. alesan isin detonton wong pirang pirang lah, bayarane sing ora mitayani lah, malah ana sing njeplak nek seni ebeg kuwe ora gaul.

Nek menurut nyong sih, alesan sing paling sederhana ya kuwe sekang segi ekonomine. ya genah, lah wong wis mendem nganti babak bunyak kaya kae be paling olih bayarane mung selawe ewu tekan patangpuluh ewu paling mempeng.

Jaman siki, bocah nom noman kon melu ngebeg ya mending ndangdutan utawa orjenan mbok?. mulane akeh grup ebeg sing melu latah pada ngusungi orjen karo dram mbarang, jere wedi mbok ora payu nek mung ebeg asli manut pakeme. dadine malah ora nggenah, sing nonton niate kepengin weruh ebeg malah dadi mumet mbedakena.

"kiye ebeg, apa campur sari ndangdutan ya?".

Terakhir nyong nonton ebeg pas nyong bali meng Cilacap taun 2007, Paguyuban Ebeg "TURANGGA JATI", grup ebeg asli sekang desane nyong (Desa Adirejawetan / kecamatan Adipala), sing esih nyekel pakem ebeg tradisional Banyumasan asli. ora nganggo orjen apamaning dram karo gitar.

Nyong ndeleng Ramane nyong dewek dadi tukang gong, jan.., rasane bungah campur prihatin, bungaeh pas nyawang wong tua tua sing pada semangat nguri uri budaya banyumasan. prihatine, ndeleng sing nabuih karo sing ngibing wis pada sepuh sepuh kabeh. lah, bocah nom nomane pada gengsi kon blajar ngebeg ndean..

"Apa nunggu Ebeg banyumasan deakoni nang negara lia nembe pada ncocot ya?".

Mayuh lah., sing pada eling karo budayane dewek, deuri uri jajal budaya banyumasan kaya Ebeg, Lengger lan lia liane. Nek udu awake dewek, sapa maning sing arep nglestarikna budaya warisan leluhure dewek kiye jajal?..


"Mayuh temandang seh Lik !! "...

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar