26 Juli 2010

Jendelo Rika Koyone Palsu

Iki ki mung masalah sepele, yoiku nang desktop netbook duwekku metu gambar koyo ngene:

Asline inyong uwis tau ngadepi persoalan siji iki, tapi lali. Soale mbiyen tau kerjo dadi staf kantor terus nang salah sijining kumpiyuter yo metu kuwi, rika mungkin dadi korban software palsu. Banjur inyong takon marang Google, jebule masalah koyo ngene akeh solusine. Konco-konco pinter sing nduwe blog yo ora pelit-pelit bagi-bagi ilmune.

Lha, kuwi uwis telung taun kepungkur, saiki inyong uwis metu soko kantore kuwi. Mumpung duwit gaji rodho turah, mending ditukokno buku jaringan alias netbook. Nanging tukune sing murahan bae, made in China. berhubung murah, netbook-e durung ono OS-e. karo sing dodol tak kon isi Jendelo bae (yo pastine Jendelo sing bajakan). Cekak cerito inyong mulih karo menikmati netbook anyar tekan ngomah.

Lagi patang minggu desktopku sing gambar wallpapere Penguin (mungsuhe Betmen) kok malah dadi ireng gek nang pojokan tengen ono gambar sing koyone inyong uwis tau ngerti? Untung bae isih ono konco-konco senasib-sepenanggungan, isih setia nganggo Jendelo bajakan, wegah tur males sinau sing jenenge Linux, sing gelem bagi-bagi pengalaman, mbiyantu uwong-uwong gaptek koyo inyong iki.

Carane, ingkang sepisan, rika kudu ngunduh aplikasi sing jenenge Autoruns. kapindho, autoruns-e dilakokne, paling pojok kiwo nduwur ono file diklik, ono find yo diklik, kothakan find what dilebokke tulisan 'wga'. Nek uwis banjur di enter.

Kaping telu, sing ono daftar tulisane 'wgalogon' uwis kesorot, banjur tondho centange disetip alias dibusak.

Uwis, mung ngono thok. Weit, nek ono sing durung nemokke wgalogon, monggo diklik user nang nduwur dhewe sebelah kiwone help, banjur coba diklik user siji-siji, nek wis ketemu titip salam yo... (walah ra nyambung)

laku sing pungkasan, nek ono konco-konco sing isih sebel, gemes lan dendam kesumat karo Jendelo, opo maneh karo Pak Bill Gates, kok yo o ndadak kon mbayar, kowe pengin mbusak file-file koyo wau ngasi sak oyot-oyote, kumpiyutere kudu direstart dhisik, banjur digoleki file-file koyo nek ngisor iki:

C:WINDOWSsystem32WgaLogon.dll

C: WINDOWSsystem32WgaTray.exe

C:WINDOWSsystem32LegitCheckControl.dll

nek wis nemokke banjur dibusak. Nanging yo ojo lali, windows update kudu dipateni.

Banjur laku ingkang paling pungkasan, ati-ati bae nek arep nganggo fasilitas hotspot nang enggon-enggon umum, koyoto nang mall, kantor, terminal opo maneh nang bandara soale nang enggon-enggon koyo mau kuwi (terutama bandara) ono petugas sing stenbai ngechecki sopo-sopo bae sing nanggo Jendelo bajakan. Modele koyo pak pulisi nek arep nilang wong sing ra lengkap serat-serate.

Nek konco-konco nduwe ngelmu liyane, koyoto piye carane supoyo Jendelone iso koyo asli, mbok inyong diajari, ngelmune kuwi disebar luasne supoyo iso dadi amal ibadah...

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar