20 Juli 2010

Lomba Nulis Blog Ngapak


Dasar
1. Basa ngapak kuwe warisan kang ninine sing aja nganti ilang butul kiamat.
2. Maca tulisan nang Kompas cithak tanggal 17 Juli 2010 halaman 12, sing nyebutna basa ngapak wis meh punah, utamane nang kalangan bocah nom noman.
3. Ndeleng kenyataan nek blogger ngapak suwe suwe mbuh pada maring ndi nganti ra tau ngapdet maning.
4. Sing pada komentar nang blog sing nanggepi tulisan kompas kuwe pada ndukung nek dianakna lomba nulis ngapak liwat blog.

Umum
1. Jeneng Kegiatan :
Lomba Nulis Blog  Ngapak

2. Wektu :
Ket siki nganti wulan September 2010

3. Nggon :
Nang bloge dewek dewek

4. Panitia :
Rawin, Semar, Grontol, Ali Rahmat.

5. Juri :
Kategori Artikel : Ali Rahmat, Akmal Lutfi, Grontol
Kategori Cerita : Ahmad Tohari, Bowo Leksono, Samidi Curanmor
Kategori Puisi : Semar, Pacul

6. Hadiah :
Novel Jenginger karya Ahmad Tohari. Kuwe novel Bekisar Merah tapi sing versi ngapak. Masing-masing kategori dipilih 3 pemenang. Ditambah 1 juara favorit mengko diwei copy novel Ronggeng Dukuh Paruk versi ngapak.

7. Peserta :
Sapa bae olih melu ora dibatesi wilayah domisili asal esih nang alam dunya. Tapi batasan wilayah sing diangkat nang tulisan dibatesi khusus daerah sing berbudaya ngapak meliputi wilayah eks kars. Banyumas, Tegal, Kebumen karo sekitare.

Teknis Lomba
1. Lomba sifate onlen liwat blog. Ora olih liwat imel, surat apa maning sms. Nek ngirim wesel olih, tapi ora dipelokna lomba.

2. Peserta wajib duwe blog. Bloge bebas, sing penting bisa diwaca nang sapa bae tanpa kudu ndaptar meng hosting bloge.

3. Basa umum nang blog juga bebas ora kudu blog khusus ngapak.

4. Nek arep melu minimal ndaptaraken 1 tulisan sing kudu nganggo basa ngapak. Ora ngapak keplak.

5. Nek nganggo kata sing ora umum, sifate lokal apa kur dingerteni nang daerah tertentu sing lingkupe sempit, kudu diwei keterangan artine nang akhir tulisan. Misale kata gathengan. Pengertian wong Cilacap sing wis terinfeksi curanmor mesti beda karo wong Jawa umume. Dewei keterangan kuwe nang akhir tulisan.

6. Tulisan didaptarna nang kolom komentar blog sing kiye. Lebokna bae link tempat posting tulisan kuwe paling telat tanggal 30 September 2010 jam 24:00 WIB

7. Jumlah tulisan ora dibatesi. Tambah akeh tambah maen.

Kategori Tulisan
Tulisan sing dilombakna dibagi 3 kategori: artikel, cerpen dan puisi/pantun.

Tema go artikel dibagi 3 sub kategori :
1. serba serbi bahasa ngapak
2. wisata, budaya atau sejarah daerah penutur ngapak
3. kondisi terkini atau kritik sosial

Tema go cerpen dibagi 3 sub kategori :
1. cerita remaja
2. cerita budaya
3. cerita dagelan

Tema puisi/pantun bebas. Sekarepe rika pokoke.

Aja klalen dewei keterangan nang ngisor tulisan, arep dilebokna kategori trus tema apa tulisan kuwe. Misale kategori: artikel 

Penilaian
1. Nek link wis didaptarna nangkene, juri arep nglongok meng TKP trus dibiji.
2. Gole mbiji sisteme tertutup trus keputusan juri ora bisa diuget-uget.
3. Pemenang mengko diumumna nang blog trus sing menang dihubungi liwat imel go konfirmasi pengiriman hadiah.

Muga muga basa ngapak tetep lestari
Salam budaya
Rawins

Tambahan :
1. Nek ana sing bingung tentang lomba apa arep nyumbang saran, kripik atawa mendoan tulis bae nang kolom komentar blog kiye apa kirim  imel meng alamat ngapak@rawins.net
2. Tulung direwangi publikasi meng kanca-kanca ngapak.
3. Tulisan sing bermutu lan berciri khas arep diarsipna trus digawe e-book go dibagi-bagi meng kanca-kanca  lembaga budaya lan jaringan radio komunitas.
4. Peserta kudu setuju nek tulisan sing dilombakna olih didadikna bahan radio komunitas apa digawe skenario nang kanca-kanca komunitas film lokal tanpa royalti asal ora go kepentingan komersial. Kecuali ana kebijakan kang  komunitas sing bersangkutan.
5. Hal-hal sing urung jelas diatur ngko-ngkoan. Nyong tek medhang dimin, kesel ngetik bae...

23 komentar:

  1. Ya sip banget lah. tek gawe blog dimin nyong

    BalasHapus
  2. blogku tek pelokna lah ulih mbok kang
    apa
    tek melu promosi nang blogkku tentang lomba kiye

    BalasHapus
  3. Ya wis maen kiye, gari disebarluasna kon akeh peserta lombane.

    BalasHapus
  4. tek sebar amben prapatan....

    BalasHapus
  5. ora nduwe blog, tek nonton karo ndonga baen lah. . . Muga2 sukses acarane. . .

    BalasHapus
  6. aku aja de tinggalllllllllll

    BalasHapus
  7. samben saka listrik wis tak templeki kertas pengumuman lik..?
    tekan pertelon suwon apa mbireng..

    BalasHapus
  8. aq tak nulis basa Jawa alus trus tulung mbok an dingapakno! hiks...

    BalasHapus
  9. eh .. sepure wis mangkat durung yaa..?
    aja ditinggal si ngapa..?!!!

    BalasHapus
  10. ngudek sawah gulune kelu, Insya Allah aku melu....
    jiakakakakkk....

    BalasHapus
  11. Mandan mudeng sitik, tp akeh orane keh keh keh . . .

    Garis besare : Ora kudu "blog ngapak' ya kang!
    => Blog apa bae sing penting neng njero ana tulisan ngapake apa?// [njaluk terangane maning]. Suwun

    BalasHapus
  12. Lik soesilo...
    bloge apa bae, bebas. sing penting tulisan sing dipelokna lomba basane ngapak. suwun...

    BalasHapus
  13. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  14. seh deneng link'e ora murub kuwe, grujug bengsin apa ya..?

    BalasHapus
  15. http://geringbae.blogspot.com/2010/07/nanggap-ebeg.html

    BalasHapus
  16. ndaptare aja nangkene ndol...
    meh bae ra konangan...

    BalasHapus
  17. nyonk kelalen karo password email'e..
    njaluk kutang'e siji ngeneh lah..
    tek dol.. nggo maring warnet.. gawe blog..

    BalasHapus
  18. jebule akeh ya kang, jajal nek badan di kumpulna aka kopdar bisa ora pada?

    salam,
    jakober
    http://jakober.wordpress.com

    BalasHapus
  19. janjane tah nyong kepengin banget melu melu, ning genah wis rong minggu nyong garek nulis genah aras-arasen bae, padahal sih nang sirah wis pathing kruwel idene. ngasi akhir September ya kang? ya wis, muga-muga mengko bisa melu, ewondene ora ya ngapurane bae, wong jere esih mambu badan. heheheh...ben ngapak wong bahasaku, ora isin ora wedi, nang ngapa sih isin, bener ora kang, yu?

    BalasHapus
  20. kang, kang, kang, daning durung ana pengumuman sing menang lomba, yah?

    BalasHapus
  21. kae bloge nyong kegolong raya http://casinoscreative.blogspot.com kang???

    BalasHapus
  22. Ora ngerti wingi sapa sing menang, neng ndi link pemenang ya kang pengen ngerti bae :D

    BalasHapus