28 Juli 2010

Wong Sugih

Mbengi kie ra biasane kang Sudar lagi nglamun, metonggo nang emperan, nyanding kopi karo udud gudanggaram abang.Lagi nglamun karo udud, ujug-ujug kang Samin ndongol mlebu meng plataran.

“ kang Sudar..lagi ngapa, metonggo kaya kue, ra ronda?” Sudar nglongok karo geleng-geleng“Walah  Min, kang ngendi rika  ?”
“lah..kie metu, kayong sumuk nang ngumah, deneng rika ra ronda, biasane rajin mbok”“jan iya kie mbuh nangapa lagi males, kebeneran ana rika, geh ngeneh njagong,karo udud nyong arep takon “ kang Sudar keton nngomong serius. 
                                                                                 
“ ana pa kang, kayong penting temen, aweh warisan pa?”
“ maning warisan, warisan kere pa, geh rika mbok mandan pinter, nyong arep takon. Min,  kira-kira wong kere kue bisa dadi wong sugih ra ,dadi nyong kira-kira bisa ra dadi wong sugih ra”
“weh..ra na angin ra na udan takon kaya kue, tapi nek ukurane rika boro-boro sugih kang, Mandan duwe beh angel ha..haa…” 
“ hush…dengkulmu kue, serius kie, jan kayong kesel  temen dadi wong kere terus”

kang Samin meneng ngecus udud , malah ndlongop kaya kethek di tulup.
“ heh..Min  !!!, malah meneng krungu ra”
“ sabar kang..lagi mikir” 
“ geh kang ,wong kere dadi sugih kue bisa banget.

Pirang-pirang contone, kae pak Sunarto, bien mbok kere, kur dadi bakul plastik kresek nang pasar, siki dadi wong sugih, mobile bae telu, montore ana 4, sawaeh karo karangan njeprah. Pokoke dunyane siki mlarah –mlarah, trus kang Trisno, bien ya mung kaya pengenyongan tukang macul, siki nang Jakarta wis dadi bos, jerena bos dodolan elektronik.

Nek bada bali jan mobile apik pisan. “ Samin nyedot udude, ndelengena kang Sudar sing manggut-manggut.
“ bener rika Min, kae pak Marno, Teguh, trus kae desa sebelah sapa… anu pak Wasimun sing siki dadi juragan keramik, bien mbok kur bakul bakso dorongan.”
“nah kue ngerti, esih takon?”
“ ya..ya, jan-jane pada mulaine kepriwe, koh pada sugih kaya kae ya.”
“geh..kang  sengertiku, wong kere dadi wong sugih kue ya bisa tapi ya ora gampang”
“priwe kue Min…” Kang sudar wis ra sabar pengin ngerti carane 
“ dadi pesugen bisa sugih, dadi rentenir  ya cepet sugih, dadi dukun ya bisa sugih, trus ra perlu sekolah duwur kue. tapi ya ana resikone, selain ra blaka, dosa dadi omongan tangga,trus nek pesugen jerene perlu tumbal, tumbale wong, udu ayam, bisa keluarga, sedulur, apa kanca, wis gari milih ”
“lah nek sing kaya kue nyong bebeh Min, sing lumrah bae lah.”
“lumrah kaya apa kang, lumrah ya kaya kie bae, kere tapi melarat  he…he..ya mbok”
“maksude lumrah ya sing halah lah, ya nyong pancen ra kaya rika sing rajin meng mesjid, rajin meng mesjid thok sembahyang mbuh ora..he..he.. tapi nek kon nggolet dunya carane kaya sing mau, ora lah”

“oh..rika kang, wis tua esih pinter nggleweh ya. Priwe yah kang, kae  cina-cina sugih beh ra adoh kang pesugen, ya mbuh bener mbuh ora, jere wong-wong nek slasa legi pa jemuah kliwon pada sowan meng gunung srandil, gunung kawi, trus gunung pa maning kae. Trus pejabat-pejabat ya jerene dukune pirang-pirang, tapi ndean ya ora kabeh. Kae wong landa sih ra sah di omong,pirang-pirang wong kere dadi sugih,ngguli nggolet duit beh  ra mikir dosa pa ora. Sing penting duit, biasane ya ra adoh kang rentenir, nyiliih duit trus duite manak, mbojone mbuh kepriwe ngasi bisa manak ,aku ya ora ngerti, trus judi, adol inuman, lah pokoke apa bae sing bisa olih duit akeh trus cepet.”         

“ lah koe ana duit mbojo, ana-ana bae, lah nek sing lumrah dadi ra bisa sugih, kaya kue pa”
“ ya bisa kang, tapi ya ana syarate”
“apa kue kang..!”
“ jerene kakiku ya kang, wong jawa kue nek rep ngapa-ngapa kudu tetep mikirna bobot, bibit, bebet. Nek turunan wong sugih ya gampang sugih, ya seliane dunya kang wong tua, kanca-kancane ya wong sugih, dadi rep usaha ya usaha sugih… olieh ya tambah sugih. Misal siki kere tapi bien turunan sugih esih bisa kue dadi wong sugih, kancane wong tuane kan ana sing esih sugih, ya se ora-orane esih gelem nulung, lah kaya pengenyongan kakiku kere, ramaku kere, tanggaku ya wong kere, gawe usaha ya paling ngingu wedus, pengin sugih rep njaluk tulung sapa. Rep nyilih Bank ya kur di pecucu kaya kutang, di wei ora, di wada iya.”

“ Lah dadi kaya nyong ra bisa dadi wong sugih?”
“ sugih kue sing kaya apa sih, pengin sugih kaya pak Suharto, pa kaya Bambang, anake, sing jere dunya gono-ginine ngasi 27trilyun ? ”
“sit..sit…sit, 27trilyun kue apa” 
“oalahh..rika nyekel duit paling akeh 500ewu sih,   duit kue duit..”
“oh duit, nah 27trilyun kue kena nggo tuku apa, becak, montor pa mobil ?”
“ maning becak,  pabrike mobil beh bisa dituku malah esih jujul akeh”

Kang Sudar kur manggut-manggut, karo mbayangna duit 27trilyun.
“ Nek nganggo cara sing kaya mau ya bisa kang, tapi nek sing blaka lah kayane adoh ngaeng, paling pol-polane duwe omah sing ana keramike tambah montor siji , nek beja  ya duwe mobil . Tapi kang..ana kecualine kang, kecuali nek rika olih mertua sugih, nah rika melu ngrasakna sugih,anake rika ya bisa dadi wong sugih. Mertuane rika sugih ora? “
“ sugih…Min, sugih panu” kang Sudar karo kang Simin nyekakak bareng.
“ Min..berarti kae pak Wasimun, pak Sunarto ora blaka ngguli nggolet duit ?”
“ wesh….ora ngerti kue, mbuh blaka mbuh ora dudu urusane dewek kue kang “
“tapi Min, kae wingi pak lurah ngendika, pengin dadi wong sugih ya kudu rajin  tlaten, temen, trus ngirit, contone kaya sing duwe pabrik samsu kae, jerene bien kere, bener ra Min..” 
“lah ora ngerti kue kang, ora genah pancen kere pa ora, trus sugih blaka pa ora, lha ujare wong gedean, sing duwe mobil 2 urung karuan diomong sugih, ujar pengenyongan ya  wis sugih.  Trus maning kang, akeh wong sugih sing ora nikmati sugieh, ngirit terus….saking wedi entek bandane, mobile tah iya meling banget, umaeh gede, ambane pada karo sawah sebau, tapi mangane ra adoh karo dewek, gesek karo sambel, sing seneng ya anake wong sugih, Iya mbok “

Kang Sudar nyulud udud maning, nglepus jan kayane wis mudeng pisan. Dadi wong sugih sing kawit wingi di impekena bubar.

“ Dadi ya kang, ra sah nggrusu pengin dadi wong sugih magrong-magrong, sing penting ora kekurangan. Ana montor anyar liwat, ya melu seneng bae, dewek wis ana pit, esih mending. Kae tanggane dewek mengendi-ngendi mlaku bae ngasi sikile kaya pit,bunder tlapakane.Dadi wong kere beh wis akeh dosa, mengko sugih bisa tambah akeh, gelem rika ? nah wingi kyai Sahal ceramah, jerene Njeng Nabi Muhammad nate ngendika WONG SUGIH KUE WONG SING ORA DUWE UTANG, rika duwe utang ?”

“ esih Min, wingi utang pari 50 kilo meng kang Darun, nggo winih sawah “
“ mbayare kira-kira kapan “
“ ya mengko nek panen Min “
“bar kue rep utang maning ra kang “ 
“ ora Min, wong wingi utang anu pariku rong kintal tek dol, nggo kirim anaku, jan sekolah pengin dadi insinyur wragade akeh. Berarti  Min..nek mengko nyong nyaur utang trus ra duwe utang maning, nyong wis dadi wong sugih ya Min.”
“iya kang, rika wis dadi wong sugih, perkara wong liya rep ngomong rika kere, jorna bae. Sing penting njeng Nabi wis ngendika rika termasuk wong sugih. Wis  ya kang wis mbengi kiye,bali disit, mngko bojoku nggoleti, geh siki malem jemuah, aku pengin dadi wong sugih“
kang Sudar bingung ana sing urung diomongena Samin.

“ kue apa maning Min…aja lunga disit, weh…mengko Min…”

kang Samin nyrunthul bae karo nyekakak
“ Min….min………….” kang Sudar mung bisa ngorong-ngorong, sekang adohan kang Simin semaur. “sugih anak kang….”

Sugih……anak ?  kang Sudar urung mudeng, kang mburi  yu Minah ndongol.
“ ana pa pak, mbengi ngorong-ngorong , anu genthoakan karo sapa mau “

kang Sudar esih meneng urung paham omongane kang Samin, tapi mbareng weruh yu Minah, bojone, kang Sudar malah cengengesan.

“ lha kae, mbareng ngorong-ngorong, malah cengengesan dewek, kesambet rika pa pak ?”
“ hush…kesambet, yuh mlebu wis mbengi, aku pengin dadi wong sugih “
“ sugih kepriwe pak ..” yu Minah malah bingung
“wislah ayuh..mengko tulih ngerti “ 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar