28 Juli 2010

Jonjang

Jamane Nyong esih cilik sing jenegane "Jonjang" (dolanan karo kanca batir) kuwe wektu sing paling detunggu tunggu saben dinane. Biasa saben malem minggu, pas padang wulan utawa ana wong mbarang gawe bocahan nang ndesaku mesti pada Jonjang. Jonjangan bocah kuna gemiyen werna werna,

ana Hong-hongan : (kaya petak umpet tapine sing jaga nyanding Tepes utawa kaleng. angger sing jaga weruh sing umpetan terus nyebutna jeneng karo moni 'hong!" nang ngarepe jenenge, terus njaga aja nganti tepes utawa kalenge ketendang disit nang sing umpetan, angger ketendang disit ya deweke kudhu jaga maning).

Gobak sodor : ( Jonjangan beregu sing nganggo garis kotak kotak, ana regu sing njaga nang setiap garise karo regu lawan sing kudu bisa ngliwati penjaga tekan garis kotak terakhir, nek bisa ngliwati sing njaga tekan garis mburi deitung point siji)

Rebut Gondho : ( jonjangan beregu sing ngrebutna Woh ''Nyamplung", biasane dolanane nek wayah wengi dadi nyamplune madan ora genah pas deuncalna nang kipere, pemain sing nemu nyamplung kuwe mau kerjasama karo regune, goli aweh meneng meneng dekepit jempol sikil ben ora konangan regu mungsueh. degawa ming gul / kiper, meneng meneg karo etok etok esih nggoleti aja nganti konangan mungsuh . nek konangan mesti rebutan, malah nganti banting bantingan mbarang koh..)

Kayane esih akeh model jonjangan liane sing Nyong wis kelalaen.
diantarane model jonjangan sing nang nduwur mau, nyong paling seneng melu jonjang rebut gondho.
Soale jonjang model kiye anu ramene pol nek depeloni, padahal kiye jonjangan sing mbutuhna tenaga akeh, ora jarang nyong debanting banting, deunyel unyel nang mungsuh sing awake lewih gede. malah sering kathok karo klambine nyong sowek jalaran detarik tarik mungsuh sing ngeroyok nyong koh...

Bene awake kesel terus sikile pada mlothas, nyong karo kanca bathir tetep bungah. ora nana dendam apa maning incim inciman. Sing lewih nggumuni, lanang wedon umur welasan taun campur gulet jonjang nang lapangan, kadang umpetan bareng nang karangan suwung sing peteng ndedet tapi ya ora nana rasa apa apa. murni jonjang ora nana pikiran arep neka neka.

ora kaya bocah siki pokoke lah, bocah siki esih SD bae nek dolanan wis mringgani. gayane wis kaya wong dewasa bae, wis ngerti cinta cinta'an mbarang koh., seh yaqin lah sumpah....

Nek siki nang ndesa esih pada cokan jonjangan ora ya lik?...

>> Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar