27 Juli 2010

Anakku Ditutna Medi

Jan wis dadi bapak pancen nyenengi pisan, siki wis ana undangan anyar. Gelar anyar sing ora kabeh wong olih. Anugerah kang Gusti Allah sing gede pisan. Siki enyong wis di undang ayah, ya mamake bocah nek orang wong liya sing ngundang genah anaku tembe 2 wulan ya urung teyeng ngomong apamaning ngundang.

nah..ana cerita kie..dadi pas kue maghrib, critane sore mau tes mlaku-mlaku. Anu kesel kayane anaku nangis bae pas maghrib. Jajal tek gawekna susu, wong pancen ora nusu biyunge. Anu biyunge pas nembe lairan mriyang dadi susune ora enak kayane, nganti siki kebablasen ora gelem.

Aku gawe susu sogna dot, dote anyar sekalian njajal sing tembe di tuku mau. Mbareng di wehna nyedot sedela di lepehna, trus nangis nggoar-nggoar..tek wehna maning ngenyot sedela nangis maning...nangisnya kejer..seumah dadi bingung..di kapak-kapakna ra gelem nangis bae..suwe kayane ana 10 menit.

Mertuaku sing wadon langsung kemutan, trus ngomong..
" Kue Hanun ana sing ngetutna kayane " aku bingung..medi apa ya..alah-alah..
" Wis pak ngundang aki encun kae, melas kie " aki encun kue jere wong pinter, dukun sih udu tapi jerene anu bisa ngusir makhluk halus.

Aku nang mbatin mandan ndledeg, apa iya kiye omah ana medine, enyong ya plirak-plirik jane wedi, tapi genah ora tega ndeleng anaku. Nunggu aki encun di celuk, seumah pada ngaji, jan persis tadarusan.. Aku melu ngaji seapale maca werna-werna, karo njajal metu njaba. Sapa ngerti keton, arep tek kon lunga, lah wis ra na wedi pas kue. Nekat..gutul njaba deneng mrinding ya..lah genah umah nang ndesa tembe maghrib ya wis sepi. peteng... Tapi tek wanekena, plirak-plirik sejejer umah, ra ana apa-apa..

Let ora suwe, aki encun teka..langsung jopa-japu..di usapi anaku karo kunir..trus sembur sembur..puh..puh..se umah kabeh.. Trus..kae susune di jaluk di dongani..trus kon diwehna..tapi tetep bae anaku ra gelem. Aki encun bingung..
Nah..ponakanku anu wadon umur sekitar 9 tahun ujug-ujug ngomong

" Om..ko dot Hanun rapet.."
" Hah..rapet masa si.." oh..kae ponakanku iseng ngenyot dot, jebule rapet
Tek jajal ngenyot dewek,
" Oh..iya dote rapet.."

Trus langsung enyong mikir kayane tah mergane dot rapet kie, udu mergane weruh medi apamaning ditutna demit.
Aku langsung gawe sing anyar, tek pasangi dot sing bolong, tek wehna.. Eh..anaku gelem terus ngenyot..meneng ora nangis maning Oalah..gusti..genah bocah kencot malah diwei susu dote rapet ya pantesan nangis bae.. kebangetan enyong ngguli dadi rama, jan ra di periksa disit,,,

Dadi siki enyong ngerti kue, tuku dot seurunge di enggo palingapa ya di periksa..jebule dot sing anyar ana sing esih rapet. Trus meski jere wong-wong bayi bisa ndeleng makhluk halus, trus cokan ana sing ngetutna dadi merekna nangis bae. Aku ra mikir mengonoh lah daripada bingung karo mandan wedi, siki nek anaku nangis ya di goleti kira-kira nangis nangapa, nek ora ya anggep bae wajar. Bayi genah bisane nangis...nek bayi 2 wulan ngguyu lakak-lakak apa nyanyi lah kue malah medeni....iya mbok sedulur-sedulur

>>Tulisan Asline

1 komentar:

  1. Mm, selamat ya dah jadi bapak baru. Klo sy msh nunggu 3 bulan lg nih insyllh. Njaluk dongane ya, smg sempurna,waras lan dadi anak yg bisa berbakti. Salam ...........

    Dolan kang : http://www.purbalingga.co.cc

    BalasHapus