27 Juli 2010

Urek Urek

Urek-urek utawane mancing welut iku hobby sing paling nyenengi sekang jaman biyen cilik tekan siki, lagi jaman gemiyen nek musim welut jan ibarate nggal dina mben bali sekolah urung salin bae wis ngelayab nang sawah nyangking ember karo urek2/pancingan ora kelalen cacinge heheee...

nek wis tekan TKP utawane spot "galengan" langsung bae beraksi matane ndelenge ngisor mbok ana leng "bolongon umah welut" tange ndulepi lemah galengan golet lobange nek salah tulih lobang ula sing di dulep hehee...

nek sing biasa pasti kangen karo sensasi strike welut apa maning nek welute anu mandan gede jan betah banget pokoke, di tunggoni bae nganti welute wareg ora kena wkwkwkwkkk tapi beneran rasane wong mancing welut nek pas mangan jan deg-degan pisan kaya arep nembak cewe ndeyan hehee... nek sing ra biasa ya ndledeg, tapi nek ulih siji jan anu ketagihan bener.

Lagi awal latihan urek-urek uculan banget, nyemplung maaring banyu di tubruk malah sing kecekel anu ula banyu jan ya anu mandan sering. nek welut kan lunyu tapi nek ula pered ya anu penak pisan demek angkat nyatek plencing mlayu hehee... suwe-suwe ana peningkatan anu urung bisa ngawil nek mandan gede nek pas d'tarik nembe keton ndase langsung tak cokot ndase lah jan yiyide pda maring telak tapi puas luh, nek siki ya moh ngawil be wis pinter hehe...

aku bae nek liburan balik nang kawunganten ngenteni musim welut dadi bisa urek-urek sekalian reuni karo kancane sing biasa ngarah welut bareng. lumayan ulihe bisa go lawuh kadang nek ulih mandan akeh malah go sangu maring jakarta.

welut/belut mbok ngerti dewek rasane jan enake pol, arep di masak model apa ya enak lah wong mentahan di uyahi be aku anu doyan. nggragase!!!

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar