25 Juli 2010

Nderes

Tangi turu isuk isuk jan jane kencot ora itung apa maning mbarang weruh nang meja pedangan segane anget, tege katu karo mendoan anget kinyis kinyis nylekamin pisan tapi ndelengna anake grawilan anu kencot sebage beyung ya ngalaih, njegong nang mburitan karo nyusoni anake weruh wong nderes dadi kemutan jamanku cilik mbiyen, ben isuk njegong nangarep lawang karo ngenteni beyunge liwete mateng ndelengna ramane nang puncrit glugu, gumune weruh ramane ora ana rasa kawatir sing priwe2 mungkin karna ben dina weruh pemandangan kaya kuwe isuk sore ndeyan, puluh puluh anake tukang nderes tapi rasane ya dame2 bae, ora tau jajan permen ya ora priwe genah nyanding gula wareg nganti untune gupis kabeh

Jaman mbiyen ora kenal sing jenenge roti burger apa sejenise ngertine cimplung budin, munthul,gedang nganti krambil kemelas be dicumplung pedaeh matengi gula dewek, jaman siki nek kepengin cimplung titip nggone tanggane, kaya cimplung budin sing nangisor kiye

Ngomongna nderes jan jane kasile lumayan,aku ndeleng tanggaku sing wis lawas dadi tukang nderes caraku kaya wong nyithak duwit, bayangna nderes 30 wit metu 15 kg gula rega gula sekilone 6 ewumangatus sing apik nek sing lurik 5 ewumangatus kejaba gula gemblung mbuh diregani pira, genah mbok kasil sedina dinane.. tapi ya kuwe resikone nyawa, penekan sih ben dina.

Nek sing nduwe wit krambil tapi ora wani nderes cukup dideresna wong liya sing pancen tukang nderes, dewek gari nampani sewan ben wulane nek se wit sewane 2kg gula

Maksude gula lurik kuwe mau sebab cuaca anu ora stabil sedina sedela udan sedela panas, terus sing genah nggodoge badeg suhu pembakarane kurang panas merga sulueh mungkin kurang garing utawa nganggo merang dadi kayanu bediang ndeyan, akhire digeneni suwe encer bae biasane nek kadung kaya kuwe tukang genen gula nyiasatine parudna krambil cara carane obate men cepet munjuk, kudune tlaten ngudek men cepet munjuk dadi bisa dientas terus dicithak nek nang ndesaku nyithake nganggo sengkang mbuh nang ndesa liyane luh...wektu nggodog sing diperlukna kurang lewieh 7 jam

Nek gula lurik bar dicithak garinge mandan suwe mbarang garing ya kuwe keton lurike blonthang blantheng putih,cara basa gaule wong nderes gula jaketan, ana ana bae gula be jaketan asline ya anu gula stres,gula be stres apa maning menungsa

Jaman siki wis akeh sing brubah wis akeh sing ora alami ora kaya mbiyen jamane ramaku nderes cukup nganggo tatal nggo obat gula sejen siki wis nganggo obat jere men gulane ayu, ora kalah maning karo menungsa gula be pengin ayu, tapi ya kuwe arep nginum badege dadi ora wani merga wis di obat

Wis semene bae lah...ngonoh sapa maning sing wani nderes

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar