31 Juli 2010

Davos, Legenda Permen Asli Purbalingga

Purbalingga.co.cc(Ngapak version) Jian malah aku tembe ngerti miki (9 juli '10) nek permen Davos  kue sekang purbalingga. Permen sing biasane tek lamodi utawa demut jaman cilik mbiyen, ujarku sekang jakarta apa sekang ngendi (pokoke adoh la) jebulane nduweke wonge dewek. Biasane mbiyen "nemu" permen kue nek ditukukna ramane apa beyunge angger arep lunga-lunga, wong biasane aku nek lunga-lunga adoh biasane muntahan dadi dinukokna permen kue (Davos) jere nggo tamba ben kon ra muntah.

Permen Davos sengertiku ana rong werna, pertama sing bungkuse biru lan isine bunder-gepeng, karo sijine maning sing bungkuse kotak-gepeng lan isine kaya pil (bunder gepeng) kue sengertiku. Asline sih mbuh ana pira permen sing di produksi PT. Selamet Langgeng. Lan nggo masyarakat purbalingga mesti wis ora asing maning terutama sing uripe jaman sangangpuluahan (1990's) ming mburi karo permen kiye, tapi sing taun rongewuan (2000's) maring ngeneh sengertiku wis jarang walopun esih ana. Mbok sing ana pada urung ngerti sekang ngendi kue gaweane permen, siki tek wei ngerti. Permen Davos kue gaweane PT. Selamet Langgeng  sing ana neng Jl. Jendral A.Yani No.67 Purbalingga, wis pada ngerti mbok siki?.
 
Permen kue ana sejak taun 28 Desember 1931 - berarti kurang lewih wis 77 taun ,Nah . . . wis sue banget mbok !!. Jere "wikimu", perusahaan Davos kue siki dicekel neng generasi ketiga yaiku  Budi Handojo. Sementara sing pertama  gawe utawan mendirikan perusahaane, kakek dari Budi Handojo sing jenenge  Siem Kie Djian.

Arep sing semriwing ? Sing seger ?  Sing pedes ? Sing murah ?, ngemut bae Davos !! ( kiye udu iklan lo).
Jian, . . . bener-bener legenda !!

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar