21 Juli 2010

Kayane Luh

Pejabat pada nggawani mobil mewah, rakyate pada numpak becak. Ora ketang penghasilane ora sepira, tapi tetep bae becak tesih dadi penguripane sebagian wong ndesa, soale pancen ora ana pilihan liyane, teyenge mung mbecak, arep nukang ora due ketrampilan, arep dagang ora due modal, arep tani ora due sawah.

Nang kota-kota gede malah wis sue becak ora ulih mlaku, jerene alasane ngganggu. Caraku alasan becak ngganggu kue metu sekang wong-wong sing pada numpak mobil, rumangsane pegaweane paling penting, rumangsane dalane kue duweke dewek,  tapi ora tau ngrumangsani nek deweke nggawa mobil uga wis ngganggu mlakune tukang becak.

Sing dadi masalah wong sing pada numpak mobil kae pejabat-pejabat sing bisa gawe aturan, dadine pada gaweni aturan sing ngepenakna awake dewek, tukang becake pada ora dipikir. akhire becak ora ulih mlaku. Pada ora ngrasakna nek agi mbecak dela-dela ana mobil liwat rasane risih ora patut. Agi abot-abot ngothel, mobile ngebek-ngebeki dalan, karepe cepet, dela-dela nglakson. Akhire kedadeane pejabate kepengin ngeplaki rakyate, rakyate pengin ngeplaki pejabate, sing sugih kepengin ngantemi sing kere, sing kere pengin ngantemi sing sugih.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar