26 Juli 2010

Kangen Niniku

Nek dideleng sekang umur, Ninine Nyong kiye termasuk wis sepuh lah. umure wis 80 taunan, rambute wis dadi uwan putih kabeh. ningen untune esih wutuh getuh luh.. , mung matane thok sing wis mandan blereng dadi nek nyeluk utawa takon wong liwat mung bisa ngapalna sekang suara karo wujud kasare thok.

Senajan umure Ninine nyong kiye wis meh kedaluwarsa, Nini nini kiye esih bregas luh, esih cokan playon nang sawah ngoyok oyok weduse sing nedhak tandurane wong lia. Ngarit utawa ramban dewek nggo ngempani weduse ya esih kuat.

Jan jane Anak putune ya wis ora kurang kurang goli ngomongi, kon aja angon utawa ngarit maning. dasare Niniku kiye wonge ora teyeng meneng, jere nek meneng bae nang ngumah malah awake pada lara kabeh. malah cokan kecandak dadi mriyange koh.

"Nini Suwuk", kaya kuwe wong sedesane nyong nek nyeluk Ninine nyong kiye. jalarane diceluk nini suwuk amerga Ninine nyong kiye sering dijaluki tulung "Nyuwuk" bocah bocah cilik sing lagi anget awake. lan ndilalah, bocah bocah sing disuwuki akeh marine koh.

Jamane nyong urung lunga merantau, nyong putu siji sijine sing paling dieman nang Ninine nyong kiye. lha, wong nyong sing paling sregep ngarit karo ramban kon, ora dieman kepriwe..

Pernah pas kuwe arep Bada, nyong njaluk duit nggo tuku klambi anyar karo kathok anyar. ujarku ya paling dewei duit, eh, ora dinyana nyana nyong dikon milih wedus bandhot sing paling gede nang kandang. Tek pilih wedus sing paling lemu, terus tek dol ming Pasar Pon Adipala. duite hasil adol wedus kena nggo tuku klambi karo kathok telung setel koh, sisane nggo sangu Badhan, plesir maring kisik Mbunton karo ming Srandil.

Wis pirang pirang taun nyong ora bali ming Clacap, Mbuh kayangapa wujude ninine nyong siki. muga muga bae ninine nyong esih sehat, bregas kaya wingi wingi.

Nyong kadang krasa ndosa dewek nek kelingan jaman semana. Nduwe nini sing emanan kaya kae be kadang kadang esih tek rusuih koh. dasar nyonge bae sing methakil, ana ana bae polaeh sing marekna Ninine mrebes mili. Nyolongi Ndog pithike nang petarangan lah, korupsi timbangan beras nek deprentah kon nyelipna gabah maring "Heleran", lan akeh maning daftar ireng kenakalane nyong wektu kuwe.

"Ninine", Nyong njaluk ngapura karo Rika, Putumu kiye akeh salah dosane"..

"Dongakena bae muga muga Putumu kiye enggal bisa bali sowan maring Rika, nggawa gula kopi, jambe suruh lan rokok sintren kelangenane Rika"...

"Ilopyu pull Ninine"...

>>Tulisan Asline

1 komentar:

  1. nyong dadi kangen karo ninine sing nang gombong

    mampir nggonku ya kang www.chahndeso.blogspot.com

    BalasHapus