27 Juli 2010

Weruh Tuyul

Ceritane wengi kie malem minggu, jenenge bujangan tanggung Jarwo, Heri, Parman, karo Kirno thongkrongan nang pos ronda. Bocah papat kae termasuk golongan ELIT alias ekonomi sulit,pengine sih meng Mall tapi ra gableg duit dadi pos ronda bae wis bungah.

" Weh ngapa yah...malem minggu koh kaya kie temen, pacar ra duwe, ketemu lanang maning ketemu lanang maning, urip ora na gairah temen" Jarwo sing awake paling lemu nyrocos karo udud 76.
" Koe pengin ketemu cah wadon, kae ni Sapin mbok dewekan..kayane ya ra nolak nek jak malem mingguan nang koe, mengko nginang bareng Wo.." 
hua haa.... kabeh ngakak bareng-bareng

"wedus....."
" oh koe malah pengin karo wedus, Her..wedusmu lagi meteng ya, kue sing metengi sapa..." Parman nglirik Jarwo karo nyekikik
" mbuhlah...geh pada mbakar boled bae yuh..mbedul nang karanganku bae "
" wah..bener kue Wo, jan koe kadang-kadang cerdas ya.." Kirno sing kit mau meneng krungu panganan langsung nyamber.
" yuh...mangkat..." bujangan tanggung papat kae kompak mangkat.

Tembe telung langkah ngguli mlaku, kang adohan ana wong celuk-celuk,
" Weh...cah..cah.., pada mengendi enteni..." kang adohan Sugi mlayu giri-giri
" Pada rep mengendi sih..kayong gipyak temen"
" Gi..koe nang ngumah bali kapan, kebeneran kie, nggawa rejeki Jakarta mbok ngeneh lah udude, udud Jakarta tulih nylekamin pisan "
" Tenang bae aku wis nggawa samsu kie, limang bungkus, ngonoh pada udud nganti bonyeh "
 
Sidane bocah lima pada kae bareng-bareng, mangkat menggone Jarwo. Arep mbakar boled critane. Singkat cerita bolede wis mateng trus pada nyekek ngaro ngobrol ngalor ngidul wetan kulon, tenggara, karo barat laut. lah ngobrol werna-werna banget. Karo udud Sugi ngomong mandan serius...

" Geh bocah-bocah wingi aku nang Jakarta di waraih kancaku ndeleng thuyul, pada pengin weruh thuyul ra " bocah-bocah pada mandeg ngguli mangan ndelengna Sugi.
" Gi koe ra salah kue, bali kang Jakarta koh malah ngejak ndeleng thuyul"
" Temenan kie Wo, aku ra nglombo, aku krungu kie nang desane dewek akeh sing kelangen duit, jere ana thuyul, dadi kebenaran aku bali sekalian kie, sapa ngerti mbok bisa "
" Kue temenan Gi..ja nglombo"
" Temenan No, nggo ngapa aku nglombo lah "
" Ya wis aku gelem, nyong jane kit bien penasaran priwe liane, pada gelem ra "
" ya ayuh ayuh....." pada semaur kabeh, jan rep ndeleng thuyul kie
" Lha trus syarate apa ku Gi.." Heri melu takon
" Syarate ruangan peteng, lilin, kembang mawar, lenga klentik, karo piring seng, ana ra kue Wo "
" Kebeneran ana kabeh.."

Pancen wengi kie serba kebeneran, umaeh Jarwo ya lagi kosong, rama biyunge lagi kondangan jerene. Cah papat pada mlebu ngumah, lampune di pateni, peteng ndedet wis. Sugi nang mburitan nyiapna kabeh, kang kadoan keton Sugi lagi ngurubna lilin mbakar apa mbuh.Let ra sue Sugi mlebu ngumah nggawa sajene kue. Pada ngumpul mubeng, gawe   bunderan.Ngurubna lilin nang tengah bocah-bocah.

" Aja wedi dewek mung pengin ndeleng thuyul, ora ganggu, Wo siki setu legi mbok"
" Iya kayane luh, nangapa sih "
" Kurang pas jane. kudune slasa legi, tapi ra papalah pada-pada legi sapa ngerti bisa"

Sugi ndelahna piring seng isine kembang mawar campur lenga klentik.
" Wis siki mulai ya..." bocahan jane ndledeg tapi anu akehan dadi di waneni.
" Tangane gandengan " muter bocah lima kae gandengan, Sugi mulai ngucapna mantera
" Nuwun sewu kulo niki tiyang bodho, boten gadah niat ngganggu dunyane panjenengan. Sun matek aji, aji halimun ghaib..jagad kagungan mahluk, mripatku mripat cahyo..weruh ingkang mboten weruh..." Sugi terus komat kamit,bocah-bocah kur ndelengena karo deg-degan.

Sugi mindah lilin mandan adoh, jerene Thuyul seneng karo urub-urub cilik.
" Geh kie lenga karo kembang, nggo raup tapi silit piringe di usap-usap disit, thuyul kue senenge mlebu kang mburitan..." bocah-bocah pada manut,ngusap-ngusap silit piring seng, trus tlapake diclubna meng kembang, mbareng kue di raupna.

" Sing rata ngguli raup meng rai, ora rata mengko ra bisa ndeleng" Sugi ndelengna bocahan, ngecek mbok ana sing urung rata.
" Wis..kabeh, pada gandengan maning, trus merem aku ngecek meng mburitan, thuyule esih adoh ora." Sugi metu lewat mburitan, mbalik maning nggawa lilin murub, di delahna nang bocahan.
" Nek aku ngomong bukak, pada melek ya.."
 " Ya..." serempak njawab

Sugi metu maning trus kang adohan, sugi ngabari
" Bukak....."

Bocahan mandan wedi mulai melek, kur keton lilin nang tengah-tengah. Thuyule endi... Sapet mau pada wis mbayangna arep weruh mahluk sing jerene gundul cilik, wuda.. lah kie deneng ra na papa... Esih pada bingung, Heri njajal ngomong.

" No, Wo, Man..pada ndeleng thuyul rung.."
" Rung.." pada njawab barengan. Penasaran pada thingak-thinguk, tapi tetep ra nemu thuyul.
" Gi..ndi thuyule.." Parman nggoleti Sugi
" Gi...Gi..Gi..koe nang ngendi.."

Sue Sugi ra ndongol-ndongol, mengendi kae bocah, thuyule ra ana dukune malah minggat. Jarwo ndelengna batir-batire...mandan ana sing ganjil, raine bocah-bocah kayong ireng. Penasaran, Jarwo ngadeg ngurubna lampu...Jetet.....byar..

" Man...deneng raimu ireng temen"
" Ireng...? lah raimu sing ireng Wo, no raimu ya ireng, koe ya ireng Her.."

Pada ra percaya nggolet kaca trus ngilo... Oalah gusti....raine pada kaya silit panci, ireng comat-camet langes..
Jebule kae mau Sugi mbakar-mbakar nang mburitan lagi gawe langes nang silit piring seng. Trus nang bocah-bocah diusapna meng rai..

" Oalahhh...wedus wedus dewek di lomboni kie.." Parman mangkel tapi nyekikik
" Oh..dadi sing jenenge thuyul ora cilik, nah kie thuyule malah gede banget " Heri ngimbuih karo nunyuk-nunyuk Jarwo...

Huaha...ha...ha...thuyule bisa udud malah....thuyul thuyul..... Jan wis semangat pengin weruh thuyul jebule thuyule awake dewek !!!!!!!!!!!

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar