30 Juli 2010

Kecanduan Internet

Sing jenenge internet gue jyan anu canggih banget koh. Nah kepriwe ora?, siki dewek isa omong2an utawane chating karo uwong sing anu dewek ora ngerti apamaning kenal..

Nah ana maning malah kae sing jere jenenge Google Earth, gubuge aku sing nang tengah sawah be isa keton. Siki ngakses sing bangsane kaya gue jyan anu gampang lan murah. Asal nduwe komputer, di modali modem trus gari di tunyuk2nya wis langsung jalan..

Nah nek wis jalan gari terserah dewek arep ngakses apa..? Berita..? Ana. Bokep..? Wis jelas ana..

Siki gari balik meng awake dewek bae. Sebab, amarga kecanggihan2 lan kemudahan2 sing kaya gue mau, nek dewek ngantek ora ngerti etika2 berinternet jyan anu bahaya banget. Kadang bisa nganti lali waktu, lali anak, lali bojo lan liya2ne..

Nah nek wis kaya gue, arep dadi apa...???
Ayuh Sedulur, Biasakna Internetan Sing Sehat Lan Bermanfaat..!!

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar