26 Juli 2010

Seger Wirr

Jaman cilikan ku ndisit, angger ana sing nyenengna ati terus ngomong :   “Seger Wir”

Mbuh artine apa, tapi akeh sing padha ngomong kaya kuwe.

Nek seger pantes-pantese ya angger panas-panas nginum es. Bar macul, repek, ngarit utawa playon ari bocah cilik, terus nginum es dawet, es cau utawa gemiyen ana es orson tuli seger pisan mbok.

Nek Wir sih sapa ya, kayane sing ngomong disit dewek anu ngomong maring kaki Wirya apa malah Wir-Sadan, mbuh ora ngerti.

Pokoke angger agi seneng terus ngomonge : “SEGERR WIRRR!!!!”

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar