28 Juli 2010

Moci

Wong Tegal, Brebes, karo Slawi (sebut bae TBS, aja diganti TBC luh!) wis kondang adate seneng ngeteh alias basa sing rada keren: moci (yen wong kidul aku ora patia paham, pada sokan moci apa ora, wong aku arang-arang ndopok karo batirku sing wong kidul). Dudu moci sing aran jajane wong Sunda lho.. Moci kie nginung utawa medang teh poci. Ana maning sing ngarani cipok: moci karo ndopok. Ndopoke tah embuh, ora karuan, ngalor ngidul ngetan ngulon, tuli ngalor maning (daning kaya wong ider dagangan yah?). Tuli, kayongen tah mocine orang sedeng yen mung secangkir. Bolak-balik jog. Kayong sedep nemen ora kue?

Wis kulina awit cilik, nggal esuk nginung teh sing selerane wong TBS. Tehe wasgitel: wangi, sepet, legi (asline tah nang daerahe aku laka istilah legi, akehe pada ngomonge manis), kentel. Ilate wis dadi (bener ora kie istilahe?). Angger ora kentel lan ora sepet ya rasane ora marem. Wong bapane aku yen dingein teh sing ora buket be langsung ngece. Jarene tehe kaya tanggal patbelas, sangkin beninge kaya padang wulan. Barang maring Aceh rada kaget. Wong kene yen gawe teh encer, ora buket ora acan. Tuli, yen ngein gula saporete. Manis nemen lah pokoke. Ora krasa nginung teh. Rasane kaya nginung banyu anget sing digulani tok. Aku nggawa teh sing Jawa ya wong kene ora pada doyan. Jarene pait (padahal jare aku enak nemen). Oya, angger nang TBS kan lanang wadon pada bae moci. Nang kene wong lanange luwih seneng ngopi. Dadi, istilah cipok nang kene kudune diganti pipok: ngopi karo ndopok.

Ya, kweh! Ngomong teh dadi pegin ngeteh. Padahal nang kene laka teh wasgitel. Mbuh wis pirang wulan aku ngeteh mung teh celup. Ora marem. Pokoke ngger balik maring Brebes aku pan ngeteh sing sepet ah!

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar