26 Juli 2010

Geger Sunami

Senen Kliwon 17 Juli 2006 taun kepungkur wektu kuwe inyong nembe balik sekang purwokerto mbuh bar ngapa kelalen nek ora salah bubar ketemuan kambi bekas pacar mbien sing siki dadi calon biyunge tepleng (Sebutan nggo bocah nang dagelane samidi cilacap), merga ngawak kesel sengaja ora langsung balik ngumah njati tapine mampir gone mbekayune dimin nang sikampuh dog tekan sikampuh lingsir awan langsung baen ngglosor wong wes dadi kbiasaan mung nunut turu nang gone mbekayune.

Ora let suwe guli inyong turu mbekayune ngoprak ngoprak ngugahi nek ana lindu gede pisan, jenggilap menyat nyawane baen urung kumpul langsung mlayu baen meng ngarepan wong ngrumangsani mbokan umahe rubuh, tekan ngarepan ora let suwe lindune mari niate nerusna turu mau sing di interupsi lindu mlebu kamar maning nembe baen mapan sedela koh di oprak oprak mbekayune maning jare nang ngarepan wong kang arah kidul pada ndilir numpak montor banter banteran nujune maring ngalor kabeh, inyong menyat maning meng nggili takon maring sing liwat ana apa deneng koh pada kesusu mlayu mlayu maring ngalor arah purwokerto, urung baen takon sekang mburi ana wong mbengok mbengok "banyune munggah, banyune munggah wes tekan adipala, Tsunami !!!!!"

Langsung baen inyong mlebu ngumah ngabari mbekayune nek nembe ana tsunami, kemutan wong mau mbengok jare banyune wes munggah tekan adipala dadi kemutan maring ngumah njati, lah nek banyune wes tekan adipala sing umahku njati priben ? ya wes melu klelep....

Ora kesuwen inyong mlayu maring tanggul stasiun sikampuh sing mandan nduwur mbok jare sapa munggahe banyu katon sekang kana, mbekayuku mbi bojone goleti anak anake sing lagi dolan nggo di sengi ngungsi juga maring ngarah ngalor. Tekan nduwur tanggul sinambi ndeleng ngidul inyong jajal tilpun maring ramane Alhamdulillah merga nomerku nganggo nomer lawas tuku jaman njleput wong liya urung mangsan henpun dadi senajan liya liyane di jawab yayu peronika baen henpunku bisa langsung nyaut maring nomere ramane,

Rampung tilpun ramane sing jare lagi meluncur maring sikampuh genten tilpun mbekayuku sing umahe nang widarapayung ora krasa uluh mancur sekang mripat merga ngemuti umahe mbekayuku mung sekilo sekang kisik (garis pante) apa maning nang umah mung bareng rewange ktambahan anake loro sing esih cilik lha sing lanang megawe nang nusawungu, mbayangna maning omongane wong wong liwat mau banyu jare wes munggah tekan adipala sih kayong ngapa widarapayung sing lewih pedhek sekang kisik.

Suara mbekayuku nang telpun mewek mewek nakokna aku nang ndi, mandan ayem sending atiku krungu suarane mbekayuku terus thek kongkon baen langsung meng sikampuh ben kumpul nang kene, pikirku khan umahe mbekayuku kelinglingan tanggul stasiun mandan duwur enggane banyu teka khan bisa weruh dimin sekang tanggul.

Maghrib ndean pada teka ngumpul kabeh seanane keluarga mung kakangku sing milih ora melu netep baen jare njaga ngumah mbok ana penjarahan lha wong wektu kuwe jare akeh penjarahan nang daerah kidul desane inyong, jian gumun temenan nang kahanan sing kayong kiye ya esih ana menungsa kober kobere mangpaatna situasi.

Nembe baen pada kumpul, jebul pada gothak (sadar kelangan) nek ponakanku siji ora nana, oalah tambah mumet maning takon takon maring tanggane lewat henpun ana sing kanda jare melu trek ngungsi, langsung baen inyong bareng kakang ipar goleti nggon pengungsian, merga wong wektu kuwe ewonan dadine angel pisan nggoletine Alhamdulliah jam sepuluhan ketemu nang mesjid sampang jebul melu tanggane sing mikine agi dolan bareng anake.

Balik nang sikampuh maning keluarga tek kon turu lah inyonge ngronda nang nduwur tanggul kambi ndelengna banyu kali sing mlakune ora biasa nglawan arah, sewengi ngronda ora turu isuke balik meng njati jebule krungu nek ana korban papat tanggane sing agi ngarahi lancang (kewan laut nggo mpan bebek).

Tekan siki nek ngemuti sewengi kuwe jian sedih ya geget jebul kabeh ya pada wedi mati malah ana sing di bela belani lagi adus mlayu baen mung andukan thok. Ya mung Alhamdulillah esih di paring waras slamet gutul siki bisa nulisna kiye nang kene.

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar