26 Juli 2010

Asik Sroo

Crita jaman gemiyen maning kiye. Istilah-istilah sing dienggo pas jaman aku esih cilik pancen marakna mesem angger diemut-emut maning.

Ari seneng utawa nemokna sing kepenak wong-wong sering ngomong :”Asyik Srooo!!!

Contone agi ngrungokna lagune sing kepenak, manggua siki ya kayane lagi Cinta Satu Malam ya heheheehehe .

Istilah kiye ya mbuh sekang ngendi asale. Nek krungu tembung Sro…kayane sekang Usro. Usro kuwe kancane Unyil. Unyil kuwe lakone film boneka Si Unyil sing gemiyen ditonton saben minggu esuk nang TVRI.

Mbuh apa si Unyil utawa liyane tau ngomong kaya kuwe maring si Usro apa ora. Pokoke angger kamutan tetep :”ASYIKK SROOOO!!!!”

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar