26 Juli 2010

Wong Ingin Anda Marah


Agi ngodhe, kancaku ana sing takon, “Preian rika bali?
Tek jawab, “Ya balilah”
Kancaku ngomong maning, “Bali bali bae deneng rika?”
Tek jawab spontan, “Wong Ingin! Anda Marah”

Kancaku liyane sing wong Gombong terus ngguyu ngakak, aku dewek ya terus ngguyu geget banget.

Kemutan jaman gemiyen, kayane jamanku esih SD, taun 87-90 an mbokan. Tembung-tembung kiye sering banget krungu. Mbuh sing mulai sapa deneng ana kaya kuwe. Kayane kabeh wong Banyumasan ngerti.

Angger kahanane agi guyon ya dadi geget banget, ana wong lagi ngomong dawa tur temenanan, di jawabe mung kaya kuwe thok. Tapi angger atine ora bombong, wong ngomong kaya kuwe bisa marahi padu.

Tapi kaya ne taun-taun 90-an meng ngeneh wis ora tau krungu sing kaya kuwe. Pokoke ari kemutan dadi ngguyu dewek


Tidak ada komentar:

Posting Komentar