22 Juli 2010

Undangan Sponsor

Lomba nulis ngapak kalingane direspon luar biasa. Sokongan kang lor kidul wetan balik maning ngulon akeeh ora etung. Ora ketang kur nyumbang donga. Trus mau bengi ana berita gembira. Ana sing arep melu nyumbang acara. Dadi sapa bae sing melu lomba, diundang secara khusus meng alun-alun Purbalingga bar bada sekalian halalbihalal. Tapi sing desiapna kur konsumsi thok, berupa makanan khas kesenengane deweke sing wis nyebabna deweke dadi selebritis nang tipi. Akomodasi, ongkos mbecak lan lia-liane mangga modal dewek-dewek.

Sapa bae bebas teka, syarate kur 2 perkara. Siji melu lomba. Sing keloro wajib melu nicipi panganan khas sing desediakna. Dadi nek kira-kira ora sanggup nyukupi 2 syarat kuwe, mendingan aja teka. Soale bakalan didenda satus juta sing arep desumbangna meng fakir miskin go mendukung program pawonisasi korban kompor gas 3 kilo.

Maen banget mbok..?
Bisa silaturahmi karo sedulur, ngurui-uri basane dewek, mempromosikna makanan khas sing ngundang sekaligus nyumbang korban bom elpiji. Ana sop, sate, soto, siti ya ana. Pokoke perdagingan kabeh. Acarane juga didukung nang teh botol sosor. Aja nganti ora teka ya. Mbok disepiti ngepok irunge.

Oh ya malah klalen...
Sing ngundang selebritis Purbalingga.
Jenenge Sumanto...

Suwun...

Pesan Sponsor

1 komentar:

  1. Hehe..tek nyelang lawang ajaibe doraemon disit apa yah ben bisa ngeclap gutul purbalingga.

    BalasHapus