31 Juli 2010

Sadran Nang Desa Pesanggrahan

Minggu 25 juni 2010,wulan sadran, nang desa pesanggrahan kecamatan kroya kabupaten cilacap sing wargane tesih akeh ngugemi kepercayaan kejawen. Ora kaya dina-dina biasane, dina minggu kie esuk-esuk wong tua, wong nom pada rame-rame ngresiki kuburane sanak sedulure.

Wulan kie wulan sadran, tumrape wong kejawen desa pesanggrahan, wulan sadran dianggep beda karo wulan-wulan liyane. Saben wulan sadran warga desa pesanggrahan mesti nganakna upacara sing diarani nyadran utawa sadranan.

Sadranan kue dilakoni kanggo ndongakna sanak sedulure
sing wis pada ninggal, kejaba kue wulan sadran uga digawe nggo siap-siap ngadepi wulan puasa. Ritual sadran di wiwiti karo resik kubur, bar kue gari dianakna kepungan sadran, saben umah nganakna kepungan sadran, ana sing modele gentenan gole kepungan tapi ana uga sing pirang umah kepungane dikembul dadi siji, kepungan sadran di dongani nang kamitua, karo pak kayim, kamitua tugase ndonga kejawen, kayime ndonga nganggo cara islam.

Sadran uga bisa kanggo ngraketna seduluran, mergane sedurunge dianakna kepungan, bocah-bocah cilik pada dikongkon njujugna panganan maring nggone sedulure, sing diarani munjungi, saben munjungi bocah-bocah kae mau mesti disangoni nang sedulure, dadine wulan sadran uga wulan sing diarep-arep nang bocah-bocah cilik. wong tua prentah anake sing cilik-cilik munjungi karepe men anak-anake sing cilik bisa kenal karo sedulur-sedulure, cara wong jawane jere men obore ora sirep.

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar