23 Juli 2010

Ora Ngapak Dupak

Ora ngapak Dupak!
Kenangapa ndadak isin?
Lha kiye mbok basa mu?
Dupak sisan!

Ora ngapak Keplak!
Kenangapa ndadak umpetan?
Lha kiye mbok panggon lairmu?
Keplak sisan !

Ora ngapak Klethak
Kenangapa ndadak "gue,elo"
ngomong "Inyong,Enyong,Nyong" mbok malah kepenak?
Klethak sisan !

Ora ngapak Buthak!
Apa anu wis makmur?
Dadi isin karo basa pedinan?
Wes wegah mangan mendhowan?
Buthaki sisan!

Lah,,,
Kayane omonganku koh ya langka sing di gubris,
Ngeneh,ben genah,tek tulis bae sisan neng bathukmu sing cunong
Inyong bocah Ngapak!

>> Tulisan Asline

1 komentar: