28 Juli 2010

Wong Gunung

Kayane wis tau tek critakna nang artikel sing disit dewek sing judule Crita Jaman Cilik. Eh tulisan kuwe digawe asal-usule anu nang milis banyumasan (banyumas@yahoogroups.com), terus tek gawe nang blog multiply, terus dipindah maring WordPress kiye. Lho malah dadi crita artikel, anu arep crita Wong Nggunung koh.

Gambar nang nduwur kiya difoto sekang tower sing ana nang Kedunguter Banyumas. Towere pedék karo POM bensin. Dalan sing keton kae Jalan Pengadilan Lama Banyumas. Sawah sisih tengen kae sing nang Danaraj, kidul SMP Negeri 2 Banyumas. Desaku nang nggunung, angger nang foto kae kira-kira pas nggon tengah-tengah gambar.

Jamanku cilik uripe nang nggunung. Jaman gemiyen transportasi esih angel. Maring Banyumas bae rasane kaya adoh banget, najan aku ngalamine ya wis ana angkutan. Nek jaman siki kang desaku maring Banyumas sing adohe kur 6 km ya 10 menit tekan. Jaman cilik kiye maksude pas aku esih SD. Nang nggunung gemiyen kena diarani ndesa pisan. Maring “kota” Banyumas kena diarani sewulan sepisan. Angger Bapak bar gajian, disengi becer maring pasar Banyumas. Baline ditukokna mobil-mobilan karo roti mari be seneng banget rasane.

Kayane mung maring Banyumas thok be rasane kaya bar plesir. Mung maring toko King, toko Jakarta utawa toko Santoso be kayane wis mewah banget. Wong biasane tuku apa-apa nang warunge Kaki Rusin nang Watubelah sih. Nek bar tuku barang sekang Banyumas terus ngesuke digawa maring sekolah kayane bangga.
Saking ndesane, angger dolan maring Purwokerto, aku mesthi mabok. Cokan lunga maring Purwokerto bareng madan gedhe sethithik. Kurang lewih kelas 4 tekan kelas 6. Nembe mudhun nang terminal langsung mutah. Meng ibukota Banyumas kiye setaun kena dietung lah. Lungane biasane angger ana Pameran Pembangunan, utawa maring Bioskop Rajawali angger ana film apik. Kelingan aku nonton film Syech Siti Jenar. Nek ora ya tuku klambi. Nek maring Pameran biasane karo Bapak-Ibu, nek tuku klambi biasane karo mbokayune.

Nek lunga maring Purwokerto kiye pancen kena diarani plesir temenan. Angger tangga-tangga sing wong tani, dolane paling maring Sumpyuh utawa Kroya, numpake Isuzu utawa Mikro,  critane jere pada maring Jadi Baru. Lha aku sing anak Guru, dolane maring ibukota Kabupaten Banyumas, apa ora bangga hahahaha.. :)
Ngrasakna numpak Kol Kota (Angkot). Ngerti Rita, Matahari, Mickey Mouse, SE karo Sriratu. Ngerti tangga berjalan, najan numpake mesthi gemeter terus mlimpat nek arep mudhun. Bocah-bocah liyane angger sing di arani nonton film paling-paling nang tontonan sing nanggap Video. Nek ora ya nang lapangan angger ana layar tancep utawa Misbar. Lha aku, crita meng Bioskop Rajawali, Jan MEWAH banget mbok.
Sing ndesani maning, angger duwe klambi apik biasane eman-eman dienggo. Dadi klambi anyare awet anyar bae. Dienggone angger maring Purwokerto apa angger plesir. Gemiyen angger plesir, paling sering ya maring laut, lha wong nggunung sih. Laute ya paling-paling Widarapayung. Liyane rombongan numpak trek usel-uselan. Nek aku tah mboceng bapake, numpak Yamaha RX 100.

Ya kaya kuwe lah, najan ketone madan lewih maju pas nang ndesa. Tapi wektu SMP, srawung karo bocah-bocah “kota” Banyumas, jan ora ana apa-apane.

Anger siki kayane bocah nggunung wis ora nemen-nemen ndesa. Soale listrik wis ana. Tv amben umah nyandhing. Motor seumah bisa loro. Hp ya padha wis duwe. Apa maning nang Watubelah wis ana SMP Negeri.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar