20 Juli 2010

Dikerjani Lawang

Isuk-isuk tangi turu medang kopi lawuh mendoan. Tongkrong ngarep komputer, ceting karo bunda. Hmmm… nylekamin pisan jan.. Wis  ora kelingan utang pokoke lah.

Lah ndilalah, ana lombok kecokot, padahal aku kue paling anti maring sing jenenge pedes. Mending gelut pokoke lah daripada kon ngunthal sambel karo cirine. Ora let sue, mulai krasa bala kurawa cacing pada demo. Mules les lesss…

Nyaut anduk mlayu meng kamar mandi. Halah… ana menungsane. Tek tunggoni nganti ntek udud se ler koh ora metu-metu. Ora kuat nahan lara weteng, tek dhodhog lawange alon-alon. Amleng…

Tek thuthuk mandan seru, esih amleng. Sidane aku ngorong-ngorong. Heee lah.. ora ana sing semaur. Sidane nekat aku munggah meng dhuwur krosi tek intip. Merangsang ya ngonoh, daripada kepecirit nang kathok.

Asem… anu ora ana menungsane. Tapi lawange ngunci. Kae lho konci sing gagange bundher kan nek depejet kang jero terus ngunci. Iis tek takoni ora due kuncine. Duh.. weteng wis tambah ora genah je… Sidane aku mlumpat menduwur nganti kejedhod pyan. Wis ora mubah pokoke ngelmu kethek. Mlumpat kang krosi gecelan usuk, sikile nylagrang nglumpati tembok. Anjrut mengisor..

Preeeet… Jabang bayi !!! Kathok malah kecathel paku nang tembok sing biasa go nyanthelna anduk. Buset, penjorangan temenan kiye. Nembe ngalami seumur-umur nyanthelna cawet karo wong wonge.

Ora urusan, sing penting bisa thongkrong karo udud. Puaaah… nikmaaaaat… Ora nana maning lah pokoke…

Wis rampungan ngebom, tanganku gramakan meng bak. Semprul… Lah cidhuke ndi kiyeeeeh….. Tingak tinguk nang jero kamar mandi ora ana ember ora ana kaleng bodol. Lha arep metu kepriwe wong anduke esih tek glethakna nang jaba. Arep kathokan disit lha ya ngko belok lepot kopet thok.. Apa enggane kudu kaya nang kali, silite cemplungna bak.

Tapi anu dasar wong cerdas, sumpel bak sing go pranti nguras tek dudut. Cuuuurrr…. Alhamdulillah bisa cewok sidane. Bar kuwe adus, klamben, nongkrong maning ngarep komputer ora ketang dadi nlangsa kudu manyun cangkeme. Udud nang sak sing bedhah kecemplung WC sih mau.

Ngonoh lah tek ikhlasna, sepiteng be kepengin samsu…

nyomot kang kene...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar