25 Juli 2010

Sejen Ora Papa, Sing Penting Ngapak

Angger sampeyan takon, "Nang umahe sampeyan ana motor?", aja kaget ngger wong-wong sing ditakoni semaure sejen-sejen. Ana sing semaur "langka", biasane wong Brebes sing ngomong kie. Ana sing semaur "laka", biasane tah wong Tegal utawa wong Brebes bagian wetan. Tuli, ana maning sing semaur "lang", akehe sing ngomong kie wong Brebes bagian kulon. Ndeane tah wis kecampur basane wong Cerbon. Kue tah ndean... (Senengane ka kulak jare adol ndean...) Tapi kayane laka wong Brebes utawa Tegal sing semaur "ora nana". Sing ngomong kaya kue tah kayane mung wong kidul, sekitar Purwokertonan lah.

His, daning dadi ngglambyar kaya kue critane? Bakuten sing pan dibahas apa donge? Maksud crita sing ngalar-ngalar mau mung pan nyontokna yen basane wong Brebes lan sekitare kue sejen-sejen akale sedaerah. Aja maning wong Brebes bagian wetan karo kulon sing adohe saporete, sing nggone iring-iringan be bisa sejen. Contone desane aku, Kaligangsa Wetan, karo desa mbang kulone desane aku, Kaligangsa Kulon. Gemiyen aku rada keder yen kancane aku sing bocah Kaligangsa Kulon ngomong "alone". Ngger nang desane aku tah "alon" artine lendèk, basa Indonesia-ne pelan. Tapi, loken "alone" artine "pelannya"? Barang taktakokna maring bocahe, jebule alon kue artine ponakan. Kweh ya! Sejen nemen oh ya... Padahal desane iring-iringan. Ora usah eram...

Sing esih sa-kabupaten be bisa sejen, apa maning yen sejen kabupatene, ya? Ya ana sing pada ana sing sejen. Wong Brebes pada-pada ngomong "nyong". Tapi yen ngomong ora, wong Tegal ngomonge "bèleh", wong Brebes ngomonge "bèlih", wong Cerbon ngomonge "bli". Kue sing pada-pada wong lor alias pantura. Yen dibandingna karo wong kidul ya adohe por-poran. Wong lor ngomong "ngelih", wong kidul ngomonge "kencot". Wong lor ngomong "puas", wong kidul ngomonge "kawus". Tapi ana sing pada lah... Wong pada-pada Jawa, pada-pada ngapak maning. Sing pada contone apa len? Apa yah? Akeh. Ora usah disebutna lah. Kiyengan nemen.

Bara-bara, akale sejen tetep pada rukun. Ya iya lah, wong pada-pada ngapak ya kudu rukun. Sejen ya ora papa. Malah lucu. Wis lah ya.. Aja dawa-dawa critane. Ngko sing maca bosen. Mending yen tulisane bermutu. Tulisan awagan kaya kie be ka, tungkula dawa-dawa. Kayong ana sing pan maca blog kie donge.. Ya ana lah! Jurine nang mesti maca oh!

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar