27 Juli 2010

Ndog Dadi Nanas

Ana wong loro kie, jenenge kang Dartim karo kang Tarjo, lagi bedek-bedekan..
ngrungokna kie..

pertama kang Tarjo disit sing due bedekan..
" kang aku due bedekan kie..rika jere cerdas jajal tek tes.." kang Tarjo nantang kie
" monggo kang..tek jabani.."
" kie kang Dartim..rungokna, kepriwe carane ndog bisa dadi nanas..?"

" ndog dadi nanas kang..? mngko disit tek mikir.." kang Dartim merem-merem mikir critane dienteni mandan sue..kang Dartim melek trus ngomong..
" Ngerti nyong kang..kae ndoge dol bae meng pasar tukokna nanas..iya mbok "
" mbokmu kue..., wong ndog siji di joli nanas sapa sing gelem, dunyane sapa sih nggo plarakan..di dol paling sewu perak nanas sing regane sewu nanas pa ?"
" oh ndoge kur siji..?"
" siji..! ujare sekintal apa..wis dipikir maning, uteke di enggo ya, ja nganggon dengkul mikire"

kang Dartim merem maning..kepriwe ya..ngasi mbut-mbutan ra nemu-nemu akhire nyerah.
" ra ngerti lah kang, kue bedekan kayong madeih temen ana ndog bisa dadi nanas "
" bisa kang..gampang banget "
" priwe jajal......"
" dasar wong nek uteke mbebel..kie rungokna "
" carane ndog dadi nanas...pertama ndog di jiot kang petarangan, aja kang supermapret.. trus ndog kue di godog, ra sah mateng-mateng ya ra papa...trus di entas..esih panas wehna anake rika sing tembe 3 tahun kae, jajal tulih dadi nanas.."
" ndog di godog wehna bocah cilik dadi nanas..? dadi kepriwe kang...?"
" jan rung mudeng bae ya..kae ndog kan esih panas wehna meng bocah cilik, jenenge bocah cilik mbok blaka, anu barang panas ya di omong hi....nanas pak.."
" oh ya...bener rika kang, anaku diwei sega panas beh dadi  nanas....hi..nanas..., rika pinteran yah...ana -ana bae jan......'

siki rika kang na bedekan ora tek jawabe...
" ana kie wis lah tentang ndog maning kie..."
" apa kue kang.."
" kepriwe carane mangan ndog tapi ra nyeti cangkange.."
" di plok karo cangkange pa kang "
" ora..ndoge koh, cangkange doyan pa rika..?" gentenan kang Tarjo sing bingung, lah wong ndog ana cankange, koh mangan ra di ceti sih priwe, di untal langsung ya keloloden.
" ra ngerti nyong kang, kayong mustahil kue.."
" oh rika ya ora adoh karo anaku..kaya kue ngguli mikir ngasi ndangak-ndangak, wong barang gampang koh..rika gari lunga meng warteg, pesen ndog dadar pa ndog ceplok..ndoge teka di pangan rika ra nyeti cangkange..mudeng..? " kang Tarjo kur ndlongop

" mulane karo utek mikire kang ja karo untu.."
" wis ya aku bali disit..rep ciblon disit.." kang Tarjo esih mlongo mbuh anu mikir apa
" aja bali disit kang..kie ana maning..' kang Tarjo melung-melung
" ndog apa sing brisik..."

kang adohan...kang Dartim  njawab
" ya kue ndoge rika.....! ra esuk ra mbengi mberek-mberek bae, ngguli nangis kaya kloloden gantar..."

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar