1 Agustus 2010

Bedane Bocah Siki

Jaman gemiyen sing jenenge tontonan kue kaya barang sing aneh banget, mergane jaman semono tesih langka sing jenenge tontonan, nonton pilem bae ora nibani sewulan sepisan, ndadak ngenteni ana wong mbarang gawe sing nanggap layar tancep utawa vidio, paling beja-bejane nonton tipi ireng putih sing acarane paling rame kethoprak, kayane sebab ora ana tontonan sing werna-werna kue dadine bocah jaman gemiyan tingkah polaeh dadi ora werna-werna.

Beda maning karo bocah jaman siki, bocah sing cetakan taun 90an, kawit cilik wis di sandingi tontonan sing werna-werna, sandingane tipi sing acarane rupa-rupa, mulai acara bocah, nganti acara sinetron sing sering maraih bocah pada nyonto polah-polaeh wong sing nang tipi, sing kadang-kadang ora pas karo kahanan uripe wong ndesa, ora pas karo budayane wong njawa, ora mung tekan semono, merga iklan sing werna-werna, bocah dadi jalukane werna-werna uga. Jaman siki bocah kelas 6 SD wis pada njaluk nyekeli hape, jajan karepe kaya sing nang tipi, klambi sing kaya nang tipi.

Kejaba kue dandanan bocah siki uga wis beda banget karo jaman gemiyen, nek gemiyen bocah wadon nganggo kathok keciliken kue rasane isin, apa maning nganti keton pupune. Nek siki, bocah wadon ora nganggo sandangan keciliken jere ora modern, nganti ndelengna melas bocah-bocah ndesa dadi korban mode, ana sing sikile nggares, ireng kaya pring wulung ora isin nganggo kathok cindek se-pupu jerene sing penting kaya sing nang tipi.

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar