25 Agustus 2010

Tips Ampuh Ngalem Wong Tuwa

Tips ampuh Ngalem wong tuwa renta. Postingan dina kie nyong nesih nganggo basa jawa, jawane logat ngapak pisanlah. Wingi sedurungu ya wis ulih ngarah ana limang judul sing tulisan nganggo basa jawa logat ngapak ya ana kaeh, gari detiliki bae postingan sedurunge.

Kembali ke judul, Tips ampuh Ngalem wong tuwa renta alias kaki-kaki atawa nini-nini. Dadi saewise rika kabeh rampung maca tulisan kie sing tek jaluk rika kuwe duwe jurus ampuh Ngalem maring wong tuwa sing wis kaki-kaki atawa nini-nini. 


Kayong-kayongen sih nek pas kebener wong tuwa kuwe mau duwe putu kayong-kayongen gelem dejodokna karo rika loh, apa nek wong tuwa kuwe mau duwe motor honda kayong-kayongen gelem dewehaken loh kuwe honda.. ya mung siji gara-gara nglakokna apa bae sing desaranaken dening tulisanku kie..alah deneng narsis temen koh sing nulis? Seh  seh  apa ora salah kuwe kang??  jajal sekie tiliki bae yuh jane kayangapa jurus atawa tips ampuh ngalem wong tuwa renta ..

Jenengane wong tuwa kuwe wis kaya bocah cilik maning, dadi apa-apane ya kudu dewaraih arep madang dedulangi arep mlaku ngadu detuntun ..lah jan jane ya ngrepoti, tapi genah anu wong tuwa ya .. Nah kie bagine rika kabeh sing kebeneran ketemu karo wong tuwa sing wis tuwa banget tapi nesih mandiri alias ngapa-ngapane dewek, kaya dene mlakune ya dewek ora detuntun.. nek ketemu karo wong wis tuwa neng ndalan atawa neng endilah, nah terus ndilalah nesih jelas nek dejak kandahan nesih normal lah pendengarane, kuwe rika berarti nesih duweni kesempatan emas kanggone Ngalem wong tuwa kuwe mau. Aja sungkan-sungkan takoni keadaane.. takone  umure wis pira? Anake pira? Putune wis pada rampung sekolah apa durung?  

Trus kie kieh sing paling penting .. ngomong bae kaya kie maring wong tuwa renta mau  .. “Rika tah umure wis 80 taun, wis ngalami jaman sing macem-macem.. putune rika be wis 18 dewek, tapi koh rika nesih sehat bae yah .. kuwe jenenge anugrah sekang gusti pangeran sing ora saben wong dewein anugrah kaya rika.. dadi rika kuwe kudu bersyukur mbah .. “ terus berlanjut “.. Rika kuwe wis tuwa,.. ibarate Al-Quran kuwe  sing wis buluken ibarate kaya Al-Quran sing sowek-sowek.. dadi nek Al-Quran nek sing wis sowek-sowek kuwe nek arep dewaca ya wis ora lengkap hurufe wis ora lengkap halamane dadi ora bisa dewaca,,, tapi Al-Quran sing suwek-sewek mau ora ulih sembarangan debuang.. malah nek mbuang bisa dosa.. pada bae kaya rika, rika kuwe ibarate jimate wong-wong enom.. arep kon kerja wis ora duwe tenaga  tapi ya ora kena desia-sia.. dadi rika kuwe jan jane jimate wong-wong sing enom.. sekie nyong mung njaluk dongane maring rika, sebab dongane wong tuwa kuwe mandi banget..”  nah kuwe jurus ampueh .. monggo rika kabeh pada mbuktekna jurus mapuh kuwe.. nek ora terbukti ya aja nyalahna inyong, Cuma kie kuwe nyong wis pernah krungu neng ngarepku dewek.. hasile memuaskan lah..

Sebenere nek gelem delanjut maning pembahasane jan jane ya anu ora rampung tekan semene tok,  neng kesempatan sing apik kie nyong arep ngomong nek wong tua renta kuwe mau jan jane ya nau dadi saka gurune negara ne dewek, mulane rika kabeh ya termasuke inyong pada aja sembarangan nek ketemu karo sapa bae sing depandeng wis duweni ngumur, apamaning koh ngina..wis wis bisa-bisa kuwalat rika kabeh,  ngerti dewek nek wong tuwa kuwe dongane ampuh-ampuh.. Semene bae Tips Ampuh Ngalem Wong Sing Wis Tuwa Renta, muga-muga manfaati rika pembaca kabeh … amiin

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar