1 Agustus 2010

Ngomong Apa Anane

Terserah apa jere wong gole ngomong lah. Aku emang kadang ngomong apa anane,. jere wong mbanyumas "blakasutha". Lha angger jere wong wetan kaya Jogja, Solo, lan jawa sisi wetan jere basane inyong anu ngapak. Lha kuwe sih kasunyatan. Pokoke angger bahasane sa-Karsidenan banyumas ya ngapak. Lha sa-Karsidenan tuli anu ana pirang-pirang Kabupaten. Ora mung Banyumas thok. Ana Cilacap, Purbalingga karo Banjarnegara.

Angger wong mbanyumas mesthi ngerti sing jenenge Lawakane Peang Penjol sing angger ngomong apa anane. Janji ceplos aku gole ngarani. Tapi wong jenenge be anu lawakan utawa guyonan ya wong ora pada jengkel. Pada karo aku.

Sing ora tek sangka ora tek nyana jan aku ketemu wong kang mbanyumas malah anu ora di sengaja. Sering bolak-balik maring IPB-Bogor malah nembe bae ngerti nek ana bocah sing tek sangka asli wong bogor malah jebulane asli kang Beutifule earth utawa bahasane dewek Bumiayu. Pertamane sing ngakune anu asli Brebes. Tapi pas ngobrol ngalor ngidul cempulekane bocaeh anu kang bumiayu. Lha angger aya kuwe ya ora menjunjung tinggi originalitas kebangsaan ya?.. wong asli bumiayu sing kabupaten Banyumas sing basane ngapak koh ngakune Brebes.
Lah bocaeh ngakune aya kiye kang;
" Lha wong angger aku ngomong asli brebes be pada bingung maa".
"Terus?"
"Lha apa maning sih nek aku ngakune kag Bumiayu. Mesti pada tambah ora ngerti". AYa kuwe yah.
Angger aku sih apa maning wong aku asale kang ndesa sing jan etungane ndesa banget. Umahku be parek karo pinggir kali. Tapi wong jenenge tresna karo Tanah Kelahiran ya tetep ngakune ya apa anane. Wong asli banyumas ya ngaku kang mbanyumas. walopun tiap di takoni asale kang ndi pasti gole nyauri ya kang Purwokerto. Tapi nek purwokerto mesti pada ngerti nek banyumas kuwe anane kang purwokerto.

apa anane bae ya,.. sing ngerti ya sukur sing ora ngerti ya ngapurane bae lah. wong inyonge agi kepengin nulis nganggo bahasa banyumasan,...

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar