9 Agustus 2010

Aja Gawe Kisruh

Golet sandang pangan nggo nyukupi kebutuhan pancen angel banget. Ana sing pada kerja panasan macul nang sawah, mbawon, tandur, ndaut lan werna-werna liyane. Semono uga kaya aku sing glarangan golet pangan ngasi tekan malaysia, ya trima dadi TKI asal halal tur berkah (amin...)

Nang kene (malaysia) jumlah TKI jan kemerab kaya gragal lanang,wadon,tua, nom,wong jawa, wong madura,wong sumatra, wong sulawesi, wong flores, wong kalimantan, wong sikampuh lan liyane kabeh ana pokoke jan pepek njumpek. Nek sedulur kabeh urung tau maring ngeneh aja kaget nek mlaku koh kepaduk wong sekang indonesia soale jan akeh banget...he...he...

Nanging ana perkara sing ora tek senengi nang aku ya kuwe wong-wong sekang indonesia (TKI) (udu wong sikampuh) seneng banget tawuran,gegeran utawa gawe kisruh nang kene.. umpamane wong jawa tawur karo wong aceh, wong flores tawur karo wong sulawesi lan werna-werna liyane. Jalarane jane sepele banget paling gur masalah bocah wadon utawa gur masalah dadakan, artine dadakan ya contone ana wong jawa ketemu wong flores tapi wong flores gembeleng kaya wis atos atosa dadi ne wong jawa gregeten terus ya pada bras bres ora genah pokoke.

Jane perkara-perkara sing kaya kuwe ngisin-ngisin na tur gawe elek maring nama indonesia khususe ya TKI.Soale wis terkenal banget nang kene nek wong indonesia kuwe tukang gawe kisruh lan ngrusak ketremane warga malaysia (jerene sih)

Jane ya ora kabeh TKI kaya kuwe,nanging lewih becike mayuh sedulur ku kabeh sing nang kene wong jawa, wong sumatra, wong flores, wong sulawesi, wong kalimantan, wong sikampuh sing golet sandang pangan mayuh pada rukun, pada akur, pada guyub aja pada kisruh aja pada tawuran eling sedulur kabeh kuwe ora apik.

****Salam ngapak***

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar