19 Agustus 2010

Pulsaku Ngilang Dewek

Awan-awan bali sekan sawah aku njagong nang ngarep tivi. Begitu di setel, remote tek jekel nggo peranti ngganti-ngganti cenel. Di sambi nyruput kopi rasane jyan nyamleng banget, apa maning kae nang tivi metu ana iklan wong ayu-ayu sing agi pada nyanyi..

Ya jelas..
Otomatis aku penasaran, deneng sing nyanyi ayu-ayu temen yah? Lumayan nek nggo sewengian. Ndilalaeh nang kono ana tulisane sing nek ora salah monine kaya gie, "kang utawane mbakyu, nek arep lagu gie, monggo ketik *500***# "..



Temenan ora kesuwen hpne nang aku tek jikot langsung tek jajal. Ora let sue aku ulih balesan. Tapi sing aneh nang sms'e ana tulisan terimakasih telah berlangganan..? Anu awak kesel nang aku tek jorna bae tinggal madang rampung gari meng sawah maning. Nek agi ngecek pulsa aku cokan heran deneng pulsaku kaya kelong, tapi nang aku ora tek pikirna.

Ngesuke maning, deneng pulsa 20ewu gari 250perak. Aku njajal tuku pulsa maning 10ewu, esuk2 tek tiliki gari 3ewu padahal ora nggo ngapa2. Heran temen yah, pulsaku deneng enteng terus, sidane aku nilpun operator. Begitu di angkat aku takon nganah ngeneh, cempuleke biang keroke sing *500***# kae.

Hulah jyan2..
Pantesan..
Kalingane nek ngakses kode gue pada bae dewek berlangganan sms sekang 9233 karo 9877 sing taripe 2ewu per sms. Atu lah, pengin lagune wong ayu sing jere judule honi buni switi malah pulsane pada mlayu dewek2...

>>Tulisan Aseline


Tidak ada komentar:

Posting Komentar