2 Agustus 2010

Mila

Mila si jago ngebut terpaksa ngadu alon-alon goli numpak motor, ora merga wedi di tangkep polisi tapi dalan kue mlebu neng komplek perumahan, biasane wayah sore akeh bocah pada mlaku-mlaku. wadi mbok nabrak kepaksane goli numpak motor alon-alon. Pas arep menggok, Mila weruh bocah lanang sing kaya-kayane pernah di kenal.

   ''Milaaaaaaa''  bocah lanange nyeluk
Krungu ana sing nyeluk,ahire Mila mandegna motor.
   ''Hei.. kou Mila yah..?''
   ''Iya... iya...'' Mila njawabe, karo ngeling-ngeling sapa bocah lanang kue.
   ''njenengan mas Adi....?'' Karo takon, Mila ngajak salaman.
   ''Iya,aku Adi, prime kabare Mil, sue yah dewek ora ketemu, telung taunan, tapi jiaan, koe mah tambah ayu.''

   ''Alla rayuanmu ajeg bae, Alhamdulillah khabarku apik, njenengan dewek prime kabare Mas..?''
   ''Aku tetep sehat, arep ngendi sih Mel, sore2 nggawani motor dewekan?''
   ''Arep maring mini market''
   ''oh, apa ora kesoren?''
   ''Kayane siki kesoren, ya wis yah... kapan2 ketemu maning''
   ''iya-iya ngati- ati yah Mil...''
   ''Yoi'' Karo nyetaterr motor ahire Mila lunga neng mini market.
Mila karo Adi ndisit pernah batiran, jane tah si Adi seneng Mila kawit ganu mung neng Mila ora tau di urusi.

>000<

Barang Adi ketemu karo Mila sawise pisahan ana 3th perasaan Adi dadi seneng banget, apa maning weruh Mila tambah ayu, terus Milane prime? Mila tetep Mila, cuek ora urus.Dina kue, Mila kaget weruh Adi nggawa motor dolan nang umahe Mila.
   "Mila lagi apa?'' Adi takon karo cengar-cengir
   ''Biasa jagongan,deneng njenengan ngerti umahu Mas..?''
   ''hehe, ndadak takon-takon''
   ''Ya wis, mlebu disit'' karo mbukakna lawang Mila prentah Adi kon mlebu umah.
Weruh motore Adi esih jreeeng!! ahire Mila takon..
   ''Motore anyar yah Mas...?"
   ''Iya, ndadak ngutang, arep dolan nggonmu mlaku mbokan di tolak'' karo mesem2
Mila ne mung gedeg-gedeg.
Krungu ana tamu wong tuane Mila metu nggawa wedang, barang wis ngobrol ngalor ngidul, jebulane Adi esih mlebu sedulur adoh.

>000<

Anane tresna jalaran sekang kulina, kayane tah pas pepatah kue nggo Mila karo Adi, tambah sue Mila tambah akrab, apa maning Adi sing wis seneng karo Mila kawit mbiyen.ahire Adi ngajek mbojo.
   ''Mil, pada mbojo bae yuh, aku wis pengen rumah tangga''
   ''mbojo..?!!''
   ''iyah, mbojo... aku serius Mil...''
   ''hmmm aku urung siap, dasare mbojo go apa sih?!"
Krungu di jawab kaya kue ahire Adi milih meneng.
Jane Mila dewek krasa bingung, mbuh arep nggolet bocah lanang sing kaya apa maning.Adi termasuk wis sukses ngajar dadi guru neng sekolahan negri,bocaeh yah nurut, tapi sing di kurangna mbuh apane.

>000<

    ''Assalamualaikum'' suarane wong lanang mertamu gone Mila
    ''Waalaikumsalam'' Ibune Mila njawab
Mila lagi kedengan nang kamar ahire metu kepengen ngerti sapa jane tamune, barang wis ngerti ahire Mila tambah sue tambah akrab. wong lanang kue mau mbah'he Mila.
    ''Koe urung mbojo yah Mil?'' Mbahe takon
    ''Urung''
    ''Ngapa sih urung''
    ''Mbuhlah aja takon mbojo2 nyebeli''
    ''Geh, aku due batir wong ngalim lagi nggoleti calon bojo gelem ora..?"
     ''Hmm wonge prime''
  ''Jian ngaliiiiiim banget, cokane ngisi kotbah jum'at, esih bujang,ganteng, tapi sayange ora due kerjaan tetep, wektune entok neng mesjid, prime..?''
Krungu kaya kue Mila senenge ora karuan,pokoke ora perduli duit sing penting bisa ngemong ngajarin ngaji, ngerti ilmu agama. saking senenge Mila kelalen blas karo Adi.
    ''Aku gelem Mbah''
    ''Ya wis, kapan-kapan bocaeh tak gawa ngeneh kenalan disit jenenge muhyi''
    ''Iya, aja kesuen ya Mbah''

>000<

Kaya biasane saben setu malam minggu Adi ngapeli Mila.
    "Mil, ngesuk pada jalan2 neng curug cipendok yah?''
    ''hmm terserah njenengan Mas, aku melu bae"
Jane Mila wis due rencana neng ati, arep gawe alesan supayane Adi lunga ngadohi Mila ben Mila bisa mbojo karo Muhyi. Barang wis dina minggu, Adi karo Mila ahire lunga nang curug cipendok, barang wis butul apa sing pikirna Mila ahire di omongna.
   ''Mas,wingi mabhku teka sekang purwokerto, jerene aku arep di jodohna karo pilihane kae''
   ''APA..?!!" Jawabe Adi karo madan kaget.
   ''Iya, di jodohna mbaeh'' Jawabe Mila karo ndengkul.
   ''Terus kou gelem..??'' Abang raine Adi goli takon.
   "Embuh,esih tak pikir"
Weruh gayane Adi kaya arep nangis Mila ora tega, ahire pada meneng kabeh nganti waktune pada bali umah.

>000<

Mila nembe bali tas dolan,ora manaha neng umah wis ana tamu si mbah karo muhyi, Weruh raine Muhyi, Mila mung mesem ora wani salaman wong ngerti Muhyi bocah pondokan, Neng ruang tamu wong tuane Mila, Mbaeh, karo Muhyi kaya2ne wis sue ngobrol serius.Mila mung dadi pendengar setia nganti mbaeh karo muhyi pamit pada balik, sadurunge balik jerene mbaeh arep awah kabar maning sejerone rong dina utawa seminggu.Tapi lewih sekang seminggu langka kabar blas.

>000<

Ahire Mila kepikiran karo Adi, sore-sore Mila nggawa motor dewek niyate arep dolan nggone Adi, tapi Adi durung balik jere keluargane bocaeh esih neng sekolahan, Karo nyanyi-nyanyi Mila lunga nang sekolahan, pokoke atine wis mantep arep mbojo karo Adi, ndilalaeh durung butul sekolahan ketemu Adi neng dalan.

   "Mas, njenengan arep tak susul" karo mesem2 Mila ngandani Adi.
   ''Ana apa sih?!!'' Njawabe Adi ketus banget
   ''hehe ora papa'' karo salah tingkah
   ''Geh Mil, mulai dina siki aku karo kou wis ora nana hubungan apa-apa yah''
   ''Loh deneng kaya kue?" Matane mrambang..
   ''Ganu ko sing di jodohna si mbah, siki aku di jodohna kang masku dewek,aku ora bakal bisa nolak, aku kuliah nganti kerja kabeh mau bantuane sekang kae, dadi ko ngadu ngerti deweklah''

Krungu kaya kue, Mila langsung nyetater motor ngebut, balik umah pikirane ora karuan.. Muhyi ora ana kabare, Adi mbojo karo wong liya, kue nasibe wong plin-plan.

TAMAT

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar