12 Agustus 2010

Dari Ngapak Kanggo Jogja

Alhamdulillah dina kie nyong bisa posting alias nulis maning neng dunyane maya,hiks. dudu mayane dhani lho... ohya kang mba, nyong arep crita nek dina mau kuwe critane nyong tes mudik, iya mudik nganggo vespa.. vespa  sprint taun 71 an lah .. mudik sekang jogja maring umaeh nyong sing anyar.
 
Uput-uput tangi jam 5 lewih 10, subuhan terus tata-tata apa bae sing arep de gawa. Wah untune wingi vespane uwis de servis neng bengkel khusus vespa..sing jelas tarikane beda lah karo dina-dina biasane, segala tetek bengeke keluhan-keluhan kanggone vespa uwis tak sampekna kabeh maring bengkele. Nah dina siki kie tinggal tanggal maine anu kanggo mudik neng asal...Banyumas browww...

Nah kie crita sing detunggu-tunggu, dadi pas neng pertigaan nesih daerah Jogja bae.. pas pertigaan bangjo ndilalah pas banget lampu bangjone warnane abang.. tandane nyong kudu mandeg. Mbuh dikayangapa nyong kudu gelem mandeg, soale nyong dudu anak mentri uga dudu anake pak presiden, nah dadine nyong ya kudu mandeg. Pas mandeg ketemu sing jenenge pak pulisi, iya pulisi indonesia raya merdeka. Ujarku yan mripate pak pulisi ora awas, jebulno pak pulisi awas banget yah mripate. lah buktine apa? buktine kober-kobere koh ndadakan ndelengi plat nomerku sing wis kedaluarsa. Iya, wis kedaluarsa ngarah ana rong taun. 

Ohya nyong nembe kelingan kan jan jane pulisi yan pegaweane salah sijine ya ndelengi plat nomer ding..hehe. ora let suwe pulisine kuwe mau langsung maju setitik neng ngarepe montorku..karo ngendika + mandan mendelik ..ngendikane kaya kie "silakan menepi !! menepi !!".. waduh jan ... kena geh ..waduh tulung ...akhire nyong diintrogasi.. apah ?? nek ora ngerti introgasi ya nong ditakoni tapi karo tengah alus. Bareng rempugan rampung akhire nyong bebas tanpa syarat apapun... padahal stnk telat taunan, sim nembe mati ngarah ana telung wulan..alhamdulillahe nyong bebas tanpa syarat. makasih pak pulisi semoga besok dikau menangkap wong sing tepat, wong sing gawene korupsi kaeh ditangkepi..

Ceritane masih berlanjut keh, ya anu crita ngadepi pulisi juga.. kie malah lewih sadis maning. dadi critane kie neng bangjo juga., sing bangjo mau nek belok kiri ikuti lampu.. dan dengan santenya nyong tanpa berdosa nyobot bae kue sing jenenge bangjo sing warnane abang. mak priiiiiiiiiiiiiitttt!! priiiiiiiiiiiiitttt !!! menepi!!! nagkat tangan !! angkat kaki !!! hehe kaya wong arep diusir bae ..eh kaya teroris ding.. waduh apamaning kieee.. ujarku mau wis ngadepi pulisi, siki koh ngadepi pulisi maning.. nek sing kie pulisine serem kang,.. kumise kandel wonge mandan ireng gedhe duwur, nek mlampah engkruk-engkruk suara sepatune..ditambah nek gentak kaya bledeg sing lagi ngampar-ngapar.. Grubag !! dor !! ini namanya pelanggaran mas!! lampu merah disrobot, sim mati stnk mati !! maunya apa ... wah, gawat .. kayongen kena keh .. tapi alhamdulillah akhire pak pulisi sing serem mau mbebasna nyong tanpa syarat ..hiks..wis ping pindo... lulus ...hehehe.. moga-moga aja nganti ping telune lah ..
 
Lanjut........?? lanjut noh .. kie siki wis tekan Purworejo mandeg neng masjid.. nunut liren, nunut nguyuh .. ngising yang nek gelem ana wc ne ... free, apah? free ,, alias gratis ora kon mbayar $$$.. tapi nek ana receh apamaning eketan ewu delebokna kotak amal mesjid ya kayane ora detolak... nah bareng tekan Kebumen.. kie critane wis tekan bumen keh ..kelingan nek wetenge kuwe urung deingsi.. durung sarapan lah.. nemu keh, nemu warung makan sebelahe mesjid .. neng warung makan kie ternyata ora self service apah ? ora jiot dewek bahasa ngapak e .. dadi segane dejiotna lawueh uga dejiotna.. wiiiiiiiiihhh segane mundung-mundung, ngerti apaya nek nyong kuwe lagi kencoten.. hehe. aja klalen minume jeruk anget ..kali ini lawueh mendowan asli kebumen..mak nyus.. bareng maem mendowan anget wis lah lah , seh seh ,, ora kelingan nek duwe utang ora kelingan nang aring anak bojo, ora kelingan uga tangga teparo karena saking nikmate maen karo mendowan mau ... nek kie lah nyong percaya mendowan e asli Kebumen.. ora kaya sing neng jogja.. mendowane paslu ..hehe..keteplik kewaregen.. gari mbayar glutak nem ewu ... seh seh .. maem karo mendowan loro koh nem ewu..>>???

Kie nyong wis kesel guli ngetik lah .. jane siya nesih kepengin crita maning.. dadi judulue mau kan "dari ngapak kanggo jogja" maksude apa? kamsude ayuh sedulur-sedulur kabeh pada bali nang aring dalan sing bener, kie wis melbu wulan puasa,.. pada akeh ngamal ngibadahe..urip nang ngalam ndunya kuwe mung sekeclapan tok.. dadi walopun asli daerahku ngapak trus manggon ning Jogja, ya neng jogja sing esih pada gawe kisruh diilangi lah nek ora bisa ngilangi ya dikurangi lah, contone.. kie tek nein conto .. biasane kanca-kanca kabeh mbok nek wingi-wingi sering nyetel tip apa kompyuter nganggo spiker sing suarane ora kira-kira...padahal wis jam sewelas mbengi ..kuwe sing kaya kuwe nyong njaluk ya dikurangi lah..ora patut masa adoh-adoh sekang negri ngapak neng jogja mung arep nyetel tip sing nganggo spiker sing suarane ora kira-kira... ora apik .. ngrusak neng kuping ngrusak neng lambung ngrusak neng geger ... terutama ngenteng-ngentengna listrike pak pln ..
 
Wis semene bae, persembahan dari ngapak kanggo jogja. nek ana salah nyong njaluk ngapurane.. ayuh pada gawe lakon apik..Mari budayakan ngapak positif, aja sekepenake wudele dewek tok..  PIIS ..

>>Tulisan Asline

1 komentar:

  1. Ya maen kiye lah, lucu nganti Inyong ngguyu2 dewek. Ning kuwe detangkep pulisi di culnya koh ora decritakna apa anu diwei duwit apa kepriwe,,,

    BalasHapus