1 Agustus 2010

Konyol Njaran

Selasa tgl 26 juli, mangkat sekang umah arep lunga ngode, biasa nunggang montor, wong wektune ketone arep udan dadine mangkate mandan ngebut, wis enggal setengah dalan, anggur-anggur pupune nyong koh rasane mandan perih, tek jorna bae wong ujarku paling lecet ke gesrek kathok jin, tapi mbareng dirasa-rasa koh sue-sue tambah perih bae, terus tek usap sikilku, jebule kathoku blabur, teles, udu teles banyu tapi jebule teles bensin, jebule tengki bensinku bocor banter banget, aku bingung, dalane nang ndesa, pas agi manjat duwur banget maning, aku mikir, nek aku nerusna mangkat ngode aku ora bkalan tekan wong bensine bocor banter pisan, sidane aku bali ngumah niate arep njaluk ijolan montor disit karo ramane.

Temenan, aku bali ngumah karo tangane sing siji mithet bolongan tengki men ora ntek nang dalan bensine, tekan ngumah kurang lewih 20 menitan wong mlakune mandan alon, tekan ngumah, jebule ramane mbuh lagi dolan ngendi, digoleti maring tongkrongane ora ketemu, digoleti nggone tanggane ora ana, ditilpun hpne keri, ya wis sidane gelem ora gelem kudu ngenteni ramane bali.

Dienten-enteni koh ramane ora bali-bali, wis telat gole mangkat kerja montore ora teka-teka, wis kaya kue gari udan deres pisan maning, ngilamat ramane baline mbuh kapan, magane aku wis ditilpuni bae nang kanca kerjaku, sidane due akal, gawe tengki bensin karo wadah inuman, dibolongi karo pulpen, sidane tengki bensin botole dadi, tapi isine setngeh liter bensin thok, ora papa, sing penting bisa tekan pom bensin disit, aku mangkat nganggo montor sing tengki bensine botol inuman setengah liter. wong genah tengki gawean dewek dadine bensine ora lancar, dela-dela bensine telat, dadi kudu mandeg disit ngenteni karburatore isi maning, kaya kue terus nganti bola-bali, saben karbulatore ntek mesti mandeg, pokoke nganti mangkel gole mandeg-mandeg

Aku numpak montor nganggo mantel, dadi tengki botole ora keton ketutupan mantel, wis setengah dalan tek tiliki bensinku arep ntek, aku mandan ngebut nggolet pom bensin, tekan pom bensin aku melu antri nang mburi, wong tengkine botol mau ketutupan mantel dadi wong-wong pada ora ngerti, pas tekan gilirane disi bensine, bakul bensine takon "Disi pira mas" aku nyauri "Gebek pak", bareng dibukak mantelku bakule bensin kaget, jerene "montore maen tmn mas" aku nyauri maning "alah wis diisi bae" jenenge wong kesel karo mangkel ya jawabane mandan ora ngenaki, terus tek bayar, ngisi bensin montor tiger nganti kebek mung 2300 perak, nang sebalahku bocah wadon mesam-mesem ndelengna montorku, karo ngomong "konyol temen rika mas", aku mung mesem karo mbatin nang ati "Konyol-konyol... Konyol Njaran apa mbak".

Jan pokoke serba emosian, kudanen, bensine telat, dela-dela mandeg, tapi sidane aku tekan nggon ngode wis telat rong jam, cuek bae karo kanca liyane, ora urusan, ora urunan, ora nduwe duwit.

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar