2 Agustus 2010

Sega king Kintalan

Pesanggrahan 29 juli 2010, minggu kiye pemandangan nang desa pesanggrahan kec. Kroya, kab. Cilacap keton sejen, saben umah warga desana ana pepean, pepean mau udu pepean pari utawa gabah, tapi saben umah ngepe sega lewihan, utawa sega king.

Saben wulan sadran nang desa pesanggrahan akeh banget sega king, mergane warga desa pesanggrahan tesih ngugemi kepercayaan kejawen, sing ngajaraken saben wulan sadran kabeh kon pada nganakna kepungan, kepungan dianakna dina senen minggu ke 2 karo minggu ke 3 wulan sadran, tapi akeh-ake-eh pada nyadran minggu ke 2ne, dadine panganan pirang-pirang nganti ora kepangan.

Bisa diomong nek wulan sadran desa pesanggrahan kebanjiren sega king, mergane nek di kumpulna, sega king bisa taker kintal, nang nggone Bu Tuti sing ora kelebu kesepuhan bae sega king ana 20 kiloan, nek nang nggone sing dianggep kesepuhan nang desa Pesanggrahan bisa nganti 50 kiloan, wulan kie pirang-pirang bakul sega king dadakan, sega king didol sekilone 1000 nganti 1200, sega king mau akeh-ekeeh ditekani nang peternak bebek sekang njaba desa.

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar