2 Agustus 2010

Begalan

Begalan, asli kesenian tradisional Banyumasan. Biasane begalan anane neng nggone wong sing due gawe. Mantu utawa Mbesan anak sing nomer siji. Nek menurut ceritane bapane inyong, begalan kue nggo mbuang sebel puyenge wong sing tembe bae mbesan sepisan. Sing arane begalan kudu ana neng prosesi pengantenan.

Awal mulane begalan di pentasena seurunge proses akad nikah. Terus, tambah maju maring ngeneh dadi geser seuwise prosesi akad nikah pas jejer manten serunge midak ndog pas pasangan penganten kue mau arep mlebu tatag rambat singgasanane Raja karo Ratu sedina.

Kie angger wong sing ora ngerti ters krungu sing arane Begalan mesti mikire kaya adegan mbegal pasangan penganten sing agi nglakoni proses mbangun rumah tanggane. Nah, nek menurut ceritane wong tua utawa cerita ceritane wong sing cok dadi pelaku begalane kue mau artine begalan kae sebenere mung mbegal waktune penganten nggo ngelingna nek jenenge wong umah-umah ora mung semata-mata nggolet kesenengan thok tapi kepriwe carane gole ngliwati tantangan karo persoalane wong umah-umah. Nah, sekang begalan kue mau para wong tua jalukane anak-anake sing di nikahna dina kue pada bisa njikot hikmaeh kang begalan mau.


Asal muasale Begalan neng Banyumas
Nek menurut riwayate asal muasale begalan mulai di pentasna pas jamane Raden Tumenggung Yudanegara IV jabatane dicopot dadi adipati Kadipaten Banyumas nang Pemerintah Inggris. Gusti adipati sing dadi Adipati kaping-10 ndueni cita-cita banyumas dadi daerah perdikan(daerah sing bebas kang pajak) utawa dadi daerah otonom sing wis ora dadi wilayah bawahane Kasunanan Surakarta.

Penjaluke Gusti Adipati nang Kesunanan Surakarta wis di anggep mbalelo sing akhire di laporna maring Gubernur Jenderal Belanda sekaligus ngusulna ben jabatan Adipati Yudanegara IV di turunena dadi mantri Anom. Nah, dasare Belanda kue penjajah ya seneng banget mbok di lapori kaya kue neng kesunanan sing langsung bae netepna penggantine, ya kue mau Raden Tumenggung Adipati Yudanegara V dadi adipati Kadipaten Banyumas sing ping 11.
 
Krasa awake dhewek ora di regani neng kesunanan akhire Mantan Adipati Raden Tumenggung Yudanegara IV tapa nggolet wangsit. Pas tapa brata ndilalaeh olih wangsit nek adipati kon nggawe kesenian sing arane Begalan. Seni begalan kue mau di maksudna nggo lantaran penyucian diri sing tujuane nggo mbuang sebel puyenge dhewek, keluarga lan masyarakate.

Kawite mantan gusti adipati 10 nang masyarakat banyumas jaman semana seni begalan terus di lestarikena turun temurun maring anak putne nganti jaman siki pas wayaeh hajat mantu sing pertama.

Wujude seni Begalan
Begalan biasane sing main mung wong loro. Aben wong sing mentasna duwe perane dhewek-dhewek. Sing siji dadi tukang begal sing di arani kaki Sura nah sing sijine, sing di begal jenenge Kaki Wira. Nah, Ki Wira sing artine Perwira siap-siap arep mangkat njujugna penganten maring kratone ujug-ujug metu Ki Sura mikul Ube Rambe(alat-alat) pedangan (dapur). Karo sikap sing wibawa, Ki Sura ngadang rombongan penganten sing di Pimpin Ki Wira. Ki Wira sing krasa di alang-alangi ora trima. Terus antara wong loro kue mau sing masing-masing duwe perbawa pada omong-omongan sing penuh karo omong-omongan kasar kaya wong arep pada gelut, tapi Ki Sura karo kewibawaane sanggup nguluhna atine Ki Wira. Gontok-gontokan omong sing pada ngotote mau akhire malah dadi akrab. Akhire Ki Sura ngomong karo Ki Wira nek dheweke mau kue agi dadi caraka(duta) kang pertapan Awang-awung(Angkasa raya) sing di utus karo Penditane kon nyampekna bekale urip nggo pasangan penganten sing agi di kawal neng Ki Wira.

Akire Ki Sura njelasna apa sing dadi lakone urip. Apa sing di gawa mau kabeh di jelasna siji-siji. Lakone wong urip kue di gambarna nang alat-alat dapur. Kipas, Kusan, Irus, Cething, Siwur, Centhong, Layah karo Muthune. Kabah alat sing di gawa di gawe kang Kayu karo batok Klapa.Nah sing nggo mikul jenenge angkring.

Angkring kue simbol nek wong umah-umah ora bisa dhewek-dhewek tapi bareng-bareng nglengkapi apa sing kurang karo bojone. Kipas, gunane ora mung siji. bisa nggo ngipasi awak nek agi gerah ya bisa uga nggo ngipasi geni neng pawon. Tapi pesene Ki Sura aja nganti kipase nggo ngipasi wong liya sing artine aja pada ngipas-ngipasi omongan sing ora bener soale akibate bakal nyilakani sing di kipasi ya sing ngipasi.Irus gunane nggo molak-malik jangan nek agi masak ben bumbune rata karo sing di masak. Irus di ibaratna nek segala permasalahan rumah tangga kue apike di pikir wong loro bareng-bareng dirampungna secara mufakat aja nganti pada ngajog neng mburi.

Cething kue bisa di ibaratna wadaeh rejeki. Perlu di isi pas agi kosong terus terusan aja nganti kosong maning. Nek ora di isi wis mesti cethinge bakal kosong soale tuntutane wong urip mlaku terus ora ana mandege. Kusan, bisa nggo masak sega. Senajan kusan kusan karo berase ora kena banyu pas adang/liwet berase bisa mateng soale kenang kukuse banyu dandang ngisore. Nah kue mau di ibaratna gejolake wong urip rumah tangga aja nganti di cemplungi segeleme dhewek tapi jikot makna sing ana neng kukusan sega kue mau.

Rampung gole ngajari penganten, barang-barang sing digawa di wehna maring Ki Wira. Nah, neng Ki Wira tamu undangan sing urung perna hajat mantu di kon milih apa sing diperlukena supaya berkah hajat mantu sing agi di lakoni bisa nular maring para tamu. Biasane nek wis aya kue sing pada nonton langsung pada rebutan terus sing bisa direbut di gawa bali karo muja maring sing gawe urip supaya do'ane terkabul terus cepet pada nglakoni hajat mantu.

>>Tulisan Asline

1 komentar:

  1. dadi kemutan bugedene inyong lah.... wong wadon tapi senenengane dadi begalan. jenenge Darsih ( parabane dower ) nek begalan bareng karo Bodong. Nek begalan lucu banget, nggawane Kudi gedene ora mekakat.... cilikane gemiyen nyong ya sering ngrebut begalan, ning paling angel nek ngarah cemplon, mesti pecah...
    tsurchan - sotosekengkel.com

    BalasHapus